?????????????????????????

ARGUMENTASI
Artikel 1
Kembang Wijayakusuma

Kembang Wijayakusuma, salah sawijining kembang kang sering digoleki lan larang regane. Miturut hasil penelitian majalah Trubus, ana loro tanduran sing biasa diarani wijayakusuma yakuwe wijayakusuma sing dikeramatna dening Kasunanan Surakarta karo, Wijayakusuma sing biasa nggo tanduran hias. Wijayakusuma Keramat Jeneng latine Pisonia Grandis var Silvestris, tanduran jenis kiye kurang dikenal masyarakat. Sing paham umume ahli botani karo paranormal, wujude mirip kol banda (Pisonia Alba) sing umum ditandur nggo tanduran hias. Bedane, godong pucuk kol banda kelire kuning cerah, sementara godong pucuk wijayakusuma tetep ijo kaya umume werna godong. Wit wijayakusuma dhuwure sekitar 3 meter wujude mirip bonsai. Miturut ahli botani K. Heyne, wit kiye dhuwure bisa ngantek 13 meter. Nang Indonesia wit kaya kiye anane mung nang kepulauan Seribu, Karimunjawa, pulau Puteran Madura, Bali, Ambon karo nang pulau Karang Bandung pedhek pulau Nusakambangan. Nang Bali diarani dag-dag see angger nang Ambon diarani sayur putih pulu. Sing bisa kembang (mekar) mung wijayakusuma Pisonia kiye, yakuwe sing nang pulau Karang Bandung Nusakambangan, Karimunjawa karo Bali, ning arang pisan. Wijayakusuma duwe kembang majemuk, tangkai kembange nyembul metu. Siji tangkai kuwe bisa duwe sekitar 10 malai, saben malai tumbuh ngantek 20 kuntum kembang, dadi setangkai Wijayakusuma kuwe bisa ana atusan kembang. Diameter kembang kiye cilik pisan, mung sekitar 2 - 4 milimeter pas dong lagi mekar, dawane 5 nganti 6 milimeter, wujude kaya terompet, kelir utawa warna kelopake ijo, mahkotane putih, benangsarine putih mandan kuning. Kembang kiye duwe aroma sing harum pisan, mekare awan, angger mekar mung bisa tahan sedina, bar kuwe layu terus garing. Setangkai kembang kiye angger mekar ora bareng ning bertahap, ana sing bisa dadi woh (antara 1 - 2). Wijayakusuma Hias Tanduran kiye umum ditandur ngaggo pot uga nang pojok-pojok omah. Basa latine diarani Epiphyllum oxypetalum,. Tanduran kiye uga diarani Ratu Malam (Queen of' Night). Werna kembange putih, diameter 10 cm, dawane 20 cm, mekar mung angger mbengi thok, mulane akeh sing ngarani midnight flower utawa kembang tengah malam utawa kembang sedap malam. Daya mekare mung sawengi thok, ngesuke mesthi layu. Nang masyarakat China populer diarani Keng Hwah sing artine kembang sing indah lan agung. Mitose Wijayakusuma Kembang wijayakusuma uga ana mitos utawa takhayule, konon "sapa baen sing bisa ndeleng pas kembang kiye mekar, rejekine bakal lancar", mulane mageh padha njajal. Salah Sijining Versi Crita Wijayakusuma Jere, dong jaman gemiyen banget nang daerah Jawa Timur (Kediri) ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja kuwe duwe watek atos, dheweke wegah tunduk maring sapa baen. Raja kuwe ora seneng angger ana wong nang nagarane sing ketone nonjol utawa duwe pengaruh. Petugas sandi (intel) kerajaan disebar ming kabeh penjuru kerajaan tur akhire jere ana laporan nek nang kerajaan kuwe pancen ana Resi sing wis kesohor merga sekti pisan. Resi kuwe jenenge Resi Kano gelare Kyai Jamur. Kesekten Kyai Jamur akhire krungu nang kuping raja. Raja Prabu Aji Pramosa kesuh banget ning nek arep nangkap rakyat sing ora duwe salah kuwe kudu ana alesane. Akhire raja ngundang patih, hulubalang, senapati karo pejabat utama kerajaan maksude nggolet cara nggo ngatasi kyai sakti kuwe. Bar olih saran sekang petinggi kerajaan, raja langsung mutusna: Kanggo njaga keselametan kerajaan karo raja, Kyai Jamur kudu diusir sekang kerajaan utawa dipateni sisan, kaya kuwe titah sang raja. Rupanya berita pengusiran ini cepat terdengar Kyai Jamur, ?sebelum utusan kerajaan datang, saya harus meninggalkan negeri ini lebih dahulu? demikian gumam Kyai Jamur dalam hatinya. Mendengar Kyai Jamur sudah tidak berada di tempat, sang Aji Pramosa bertambah murka. Raja pun memerintahkan para punggawa kerajaan mengejar dan menangkap sang Resi, Resi itu harus dihukum. Sekedar alasan untuk kedok, Resi dianggap bersalah karena pergi tanpa seijin raja. Sang Resi berjalan terus ke arah barat menyusuri pantai selatan sampai akhirnya tiba di suatu daerah yang disebut Cilacap, dia menganggap bahwa daerah ini cukup aman, tersembunyi dari pantauan raja. Pencarian dan pengejaran sang raja rupanya tak kenal berhenti, Resi Kano harus tertangkap. Setelah dicari ke seluruh pelosok, persembunyian Resi akhirnya dapat diketahui. Ketika sang Resi sedang bersamadi, Aji Pramosa dan punggawanya datang, kesempatan itu tidak mereka sia-siakan, sang Resi langsung ditangkap dan dibunuh. Berkat kesaktiannya, jasad sang Resi menghilang (muksa), ini membuat raja sangat terkejut takut dan keheranan. Belum hilang rasa herannya, sang raja dikejutkan lagi oleh suara gemuruh serta angin ribut dari tengah laut. Aji Pramosa berusaha tetap tenang menghadapi berbagai peristiwa yang mengerikan itu. Suara gemuruh dan anginpun reda, namun pada saat yang sama datanglah seekor naga besar mendesis-desis seolah-olah hendak melahap Aji Pramosa. Gelombang laut menjadi besar bergulung-gulung, hingga banyak penyu (kura-kura) minggir ke tepi pantai. Pantai itu dikemudian hari disebut Pantai Telur Penyu. Dengan sigapnya sang Aji Pramosa segera melepaskan anak panahnya, ternyata tepat mengenai sasaran, perut nagapun robek terkena panah dan naga hilang tergulung ombak. Rupanya naga tadi jelmaan dari seorang putri cantik yang muncul dengan tiba-tiba sambil berlarian di atas gulungan ombak dari arah timur pulau Nusakambangan. Sang putri ayu menghampiri Aji Pramosa sembari mengucapkan terima kasih karena berkat panahnya ia bisa menjelma kembali menjadi manusia. Sebagai rasa terima kasih, putri cantik tadi menghaturkan bunga Wijayakusuma kepada sang Aji Pramosa. Sang putri mengatakan ?kembang Wijayakusuma tidak mungkin bisa diperoleh dari alam biasa, barang siapa memiliki kembang itu bakal menurunkan raja-raja yang berkuasa di tanah Jawa?. Selanjutnya putri cantik memperkenalkan diri, namanya Dewi Wasowati. la berpesan, kelak pulau ini akan bernama Nusa Kembangan. Nusa artinya pulau dan Kembangan artinya bunga. Seiring pergantian jaman, nama Nusa Kembangan akhirnya berubah menjadi Nusakambangan. Prabu Aji Pramosa sangat girang hatinya menerima hadiah kembang itu, kemudian dengan tergesa-gesa ia mengayuh dayungnya untuk kembali menuju daratan Cilacap, tetapi karena terlalu gugup dan kurang hati-hati, kembang itu jatuh ke laut dan hilang tergulung ombak, dengan sangat menyesal sang Aji Pramosa pulang tanpa membawa kembang. Beberapa lama setelah sang Prabu berada di kerajaan, terbetik berita bahwa di pulau karang dekat Nusakambangan tumbuh sebuah pohon aneh dan ajaib, beliau pun ingin menyaksikan pohon aneh yang tidak berbuah itu dan ternyata benar bahwa pohon itu tidak lain adalah Cangkok Wijayakusuma yang ia terima dari Dewi Wasowati. Melihat pohon itu, sang Aji Pramosa teringat akan kata-kata Dewi Wasowati bahwa siapa yang memperoleh kembang Wijayakusuma akan menurunkan raja-raja di tanah Jawa. Kajupuk saka maneka sumber.'

Waosan menika kalebet argumentasi kanthi thithikan Kembang Wijayakusuma, salah sawijining kembang kang sering digoleki lan larang regane. Miturut hasil penelitian majalah Trubus, ana loro tanduran sing biasa diarani wijayakusuma yakuwe wijayakusuma sing dikeramatna dening Kasunanan Surakarta karo, Wijayakusuma sing biasa nggo tanduran hias.

Hasil koreksian : kula mboten sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel argumentasi, amarga waosan menika ingkang ngandaraken kembang Wijayakusuma, salah sawijining kembang kang sering digoleki lan larang regane. Miturut hasil penelitian majalah Trubus, ana loro tanduran sing biasa diarani wijayakusuma yakuwe wijayakusuma sing dikeramatna dening Kasunanan Surakarta. Nanging waosan ing nginggil menika kalebet waosan narasi.

Artikel 2
Golek Playboy
Terbite majalah khusus priya diwasa Playboy versi Indonesia ora mung gawe penasarane wong kutha, ning uga Pak Har (51) petani sing omahe 20 km sakulone Kediri. Ndilalah oleh kalodhangan dijak bareng Pak Kus, kancane sing rapat ing Kediri. Nalika kancane rapat, Pak Har pamit nyang toko buku sing paling lengkap sakutha Kediri.

“Pados punapa Pak?” pitakone pelayan toko, wadon aklambi abang, thik pinter Basa Jawa.

“Majalah,” wangsulane Pak Har cekak.

“Majalah punapa Pak?” pitakone maneh karo ngetutake Pak Har sing milang-miling.

“Anu... Playboy,” wangsulane lirih ning cetha.

“Wah...boten wonten Pak, lintunipun kemawon nggih?”

“Ya wis, golekna Playwoman,” Pak Har mbanyol sakecandhake.

Pelayan mau banjur ngalih marani kancane sing ana ngarep kasir. Genti kancane wadon sing klambi biru sing marani Pak Har, dikancani pelayan lanang.

“Yen ngersakaken waosan wanita, majalahipun ing sisih kidul mrika, Pak,” ujare si pelayan lanang.

“Ora, aku wis entuk,” wangsulane karo bablas marani kasir.

“Sampun kepanggih majalah ingkang dipun kersakaken Pak?” si klambi abang aruh-aruh sumeh.

“Wis, lha iki...!” Pak Har mesem entheng karo nuduhake majalah sing digawa. Jebul sing katon dudu gambare Andhara Early samake majalah Playboy, tapi Sukas Widi Damayanti sing ngrenggani majalah Jaya Baya no. 33.

“Lho kok Jaya Baya Pak...?” takone si klambi abang, ora diwangsuli.

Pak Kus sajake katut penasaran. Mula bareng ketemu sing ditakokake ya majalah sing jare syur kuwi.

“Betah melek wengi, merga nemu pusaka,” wangsulane Pak Har.

“Karepe piye, Pak Har?”

“Golek majalah Playboy, nemune Jaya Baya!”

Wong loro ngguyu nggleges. “Ya... tinimbang ora sida tuku!”

Djoko Suhardi
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006

Waosan menika kalebet argumentasi kanthi thithikan terbite majalah khusus priya diwasa Playboy versi Indonesia ora mung gawe penasarane wong kutha, ning uga Pak Har (51) petani sing omahe 20 km sakulone Kediri. Ndilalah oleh kalodhangan dijak bareng Pak Kus, kancane sing rapat ing Kediri. Nalika kancane rapat,
Pak Har pamit nyang toko buku sing paling lengkapsakuthaKediri.

Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel argumentasi.

artikel 3
Kandar, Ora Manut Isme-Isme
Apa sesambungane pelukis karo pasien rumah sakit jiwa? Mbokmanawa sabrebetan pancen ora ana. Mung wae, ana panemu kang ndeleng saka sudut ilmu psikologi, “seni” bisa digunakake minangka salah sijine “terapi penyembuhan”. Kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana. Ditakoni alasane, Cak Kandar mangsuli karo gumuyu: “Sejatine aku ora ngajari, ning aku blajar bareng. Ing kene aku sengaja nyoba mbuwang rasionalitas sing ana utekku iki lan lumebu ing wilayah rasa, lan jiwa. Dene menawa ana penganggep seni bisa kanggo terapi penyembuhan, iku wilayahe dokter jiwa. Ing kene aku wis mbukak kerjasama kang ing tembe bisa diterusake seniman-seniman liyane,” ngono kandhane . Manut pelukis sing tansah menganggo klambi sarwa putih iku, jaman saiki pancen mujudake jaman sing dikebaki wong-wong stress utawa gendheng. “Sing gendheng kuwi sejatine ora mung wong sing ana rumah sakit jiwa wae. Koruptor, penyelundup, kang nindakake illegal logging, lan pelaku tindak kriminal sing gedhe-gedhe kae iya kalebu wong gendheng. Wong-wong kuwi gendhenge malah nemen sebab ngrugekake wong akeh tur mbebayani banget,” kandhane diplomatis. Diakoni apa ora, kang ditindakake Cak Kandar iki saliyane kanggo pribadine dhewe iya kanggo kepentingan keilmuan. Minangka seniman dheweke mbuktekake bener orane seni iku bisa kanggo penyembuhan. “Pasien RSJ iku rata-rata kabeh ‘stress’. Yen digabungake karo seni, sakagurune seni iku rak ‘kebebasan mutlak’. Sejatine sapa wae bisa nglukis, lan sing jeneng salah iku ora ana. Dadi, lumantar belajar nglukis iki pangajabku pasien bisa ngetokake kabeh uneg-unege kanthi sak bebas-bebase,” Cak Kandar menehi alasan. Ora nggumunake nalika acara nglukis bareng ing RSJ Menur iku swasanane malih regeng. Rata-rata para pasien katon seneng, ana sing nggambar kembang, ana sing nggambar abstrak. Apa maneh nalika diwenehi biji 80, senenge ora jamak, malah ana sing jingkrak-jingkrak kaya bocah cilik. Mung ana pasien siji sing ora gelem, yaiku Mila Rosa, sawijining pasien anyar sing sawetara wektu kepungkur gawe pengeram-eram nglakokake sepur mundur saka Bangil tekan Surabaya. Nanggapi gagasan program melukis tumrap pasien rumah sakit jiwa iki, dr. Nugroho ES SpKJ, direktur RSJ Menur, nganggep positif lan mbiji yen menarik banget. “Iki positif banget lan gedhe banget manfaate tumrap pasien. Dak ajab program iki bisa diterusake,” ngendikane. KREATIFITASE ORA MANDHEG Cak Kandar mujudake salah sijine seniman kang sugih akal kanggo golek trobosan anyar. Gagasan-gagasane nyleneh lan kadhang ana sing nganggep kontroversial. Dheweke tau nganakake pameran lukisan ing Rumah Sakit Darmo, sing sasuwene iki dianggep ora umum. Ora kaya sing dipajang ing galeri. Nyatane pamerane Cak Kandar sing nyempal saka kalumrahan iki malah mbukak wilayah-wilayah anyar tumrap apresiasi seni, mesisan uga mbukak pasar anyar. “Mungsuh sing dadi momok tumrap seniman iku mandhege kreativitas,” ngono komentare. Priya sing lair ing rumah sakit Simpang Surabaya (saiki dadi Plaza Surabaya) dhek 17 Agustus 1948 iki ing dekade taun 1980-an kondhang minangka pelukis bulu. Nalika pameran ing Hotel Mojopahit Surabaya, lukisane bulu sing ukurane gedhe-gedhe rikala iku payu kabeh. Lan iku ngagetke seniman Surabaya apadene kritikus seni rupa. Ora mung merga payune, ning uga anane komentar-komentar miring kang nganggep lukisan wulune Cak Kandar kuwi dudu lukisan, ning kerajinan tangan. Nanggapi bab iki garwane Bu Kartini kuwi tenang-tenang wae. “Terserah wong omong utawa komentar, sing penting berkarya iku aja omong thok. Wong omong ngono enak, sebab ora tandang gawe apa-apa. Yen berkarya kene lak weruh endi sing keliru endi sing ora bener,” jawabane klawan entheng. Toh senajan dikritik entek-entekan, ning lukisan bulu iki akeh sing ditiru karo seniman liyane. Lan nalika lukisan bulu dadi “booming”, Cak Kandar malah wis ora gawe lukisan bulu maneh. Malah wis ganti nglukis kanthi gaya liya, ngangkat spirit lan filosofi Jawa lumantar lukisan wayang, sing dipamerake ing Jakarta kanthi irah-irahan “Spiritual Journey”. Durung suwe iki, dheweke mamerake lukisane sing obyek-obyeke luwih prasaja, arupa simbul-simbul. ORA MANUT ISME-ISME Ndeleng perjalanan lukisane Cak Kandar, akeh sing ngomentari yen ora konsisten menyang aliran lukisan. “Aku iki ora nganut isme-isme aliran lukisan, sing tak anut aliran kebebasan. Terserah masyarakat sing mbiji, kanggoku sing penting berkarya lan lukisanku bisa ditampa dening masyarakat,” wangsulane. Lukisane Cak Kandar sing standar kanthi ukuran 160 Cm x 140 Cm rata-rata regane Rp 60 yuta. Ana sing pesenan
ukuran 2 M x 120 Cm regane nganti Rp 180 yuta. Deweke uga nampa pesenan lukisan manut karepe sing mesen. “Yen pesenan biasane luwih larang, ning aja nganggep lukisanku larang kabeh. Sing murah ya ana,” kandhane. Cak Kandar kalebu seniman sing supel. Dheweke ora mung kumpul karo komunitase sesama seniman seni rupa wae, ning uga karo seniman-seniman liyane, ora perduli penyair, penari, lan uga dhalang! Ora nggumunake yen dheweke akrab banget karo dhalang Enthus saka Tegal, utawa Pak Manteb, lan Ki Esha Suharto, lan seniman liyane. Ature: Endang Irowati/Widodo B JB 43/LX, 25 Juni-1 Juli 2006
Waosan menika kalebet argumentasi kanthi thithikan kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana.
Hasil koreksian : kula mboten sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel argumentasi, amarga waosan menika ngandaraken cak Kandar, salah sijining pelukis Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana. Nanging waosan menika kalebet jenisipun waosan narasi.


Artikel 4
Mbah Marijan: Nek Ngungsi Kliru
Senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa Dalem kudu patuh sarta tanggung jawab, ora kena ninggalake jejibahane, senajan ta totohane nyawa. Mbah Marijan, tokoh spiritual Jawa sing gawe bingunge aparat jalaran ora gelem ngungsi iku nganggep menawa Gunung Merapi kuwi pepundhene. Mula senajan pendhudhuk kiwa-tengen padha bingung ninggalake omah tumuju brak pengungsian, Mbah Marijan cukup tenang-tenang saja di rumah. Merapi dianggep kaya ora ana apa-apa. Dheweke malah mbongkar omahe kapernah buri pendhapa, wiwit saka gendheng, usuk, reng, nganti krepus kang padha kropos diganti cor semen lan ragangan wesi. Paturone pindhah ana sisih wetan cerak pawon. Amben galare cerak warunge sing biyasa kanggo nyepaki kabutuhane bocah sing arep munggah Merapi. Reng-usuke diganti pamrihe nek sawanci-wanci wedhus gembel teka nerak omahe, ora ambruk. Bab iku belajar saka kedadeyan ing Turgo sing gendhenge omah-omah padha ambruk jalaran ketiban awu panas pirang-pirang kubik. “Sing terang ora bakal ana kedadeyan apa-apa ing kene. Kabeh tak pasrahake karo Sing Maha Kuwasa,” ngono kandhane Mbah Marijan nalika ditemoni JB dhek dina Jemuah Paing, 5 Mei 2006 kepungkur. Merapi sing wis ngetokake lava pijar (panase 600 derajat Celsius) iku durung marakake Mbah Marijan percaya yen gununge bakal mbledhos. Karo nemoni tamune Mbah Marijan liyer-liyer turu-turu ayam, jalaran bengine kudu prihatin, ngrondhani omahe lan nindakake laku spiritual. Ngepasi ana swara adzan dheweke nindakake sholat ana langgar kulon omahe. Saploke Merapi kumat iku simbah jurukunci iki tansah ketamuan paranormal sing arep golek popularitas nindakake labuhan ing Sri Manganti Merapi. Malah ana paranormal sing ngaku isih trahe keluwarga karaton. Kanthi anane aktivitas Merapi sing wis ngancik tingkat Awas Merapi iku akeh warga sing urip kacingkrangan padha ora bisa mergawe. Semono uga Mbah Marijan dhewe. Biyasane udud nglecis sigaret alus, saiki mung nglinting merga warunge ora payu, ateges uga kelangan pangan. “Nek boten payu nggih mangan tela godhog saking kebon,” ngono kandhane adhine ragil Mbah Marijan sing jenenge Tugiyem (50 taun). Tugiyem uga bukak warung kaya Mbah Marijan. Manut kandhane Tugiyem, Mbah Marijan iku sedulure kabeh ana pitu. Sing barep Mbah Marijan, adhine sing nomer loro, telu, lan papat wis ndhisiki mati. Sing nomer lima arane Subariyah ana Tanjung Karang, Sumatra. Sing nomer enem Wignyo, manggon ing Kinahrejo. Ragile Tugiyem iku, omahe pernah ngisor plataran omahe Mbah Marijan. Nalika ditemoni JB Mbah Marijan ora nganggo klambi dhines pranakan karaton, ning cukup nganggo sarung lan peci bathikan ireng. Dheweke uga kandha ora ana dhawuh saka Karaton Ngajogjakarta supaya nindakake labuhan. Labuhan wis ana jadwale dhewe. Dadi yen ana isu Karaton nganakake labuhan, iku ora bener. BISA NGILANG? Mbah Marijan wis diarih-arih Kapolsek Cangkringan AKP Munawar Wsc, supaya pindhah ngedohi Merapi. Nanging dheweke meksa ora gelem ngungsi. Mbah Marijan kandha, olehe ora gelem ngungsi amarga mundhi dhawuhe swargi Sri Sultan HB IX. Kala semana Ngarsa Dalem dhawuh minangka jurukunci Merapi dheweke nduweni kewajiban njaga lan tanggung jawab ngreksa Merapi. Ora kena ninggalake pakaryan mau senajan ta totohane nyawa. Nek nekad ngungsi iku kliru, nerak dhawuhe ratu gustine, bakal kapatrapan bendu. Mangka sadurunge kuwi, putrane Ngarsa Dalem IX, yaiku Sri Sultan HB X kang uga Gubernur DIY, wis ndhawuhake marang warga ing ereng-erenge Merapi supaya pindhah. “Aku wis ngandhani Mbah Marijan supaya ngungsi, aku kuwatir nek ana kedadeyan tenan mundhak aku sing diklirokne,” ngono pangandikane Sri Sultan HB X marang JB ing Kepatihan Danurejan, Jogjakarta, durung suwe iki. Minangka juru kunci Merapi, Mbah Marijan mesthi nduweni kaluwihan ngerti cara-carane nanggulangi Merapi yen pinuju nesu. Ana sing kandha menawa Mbah Marijan iku bisa ngilang. Apa bener mangkono? “Mas jangan heran ya Mbah Marijan itu bisa ngilang,” ngono kandhane Christian Awuy, Ketua Aspek (Asosiasi Perhotelan Kaliurang) Sleman marang JB. “Ah yang bener saja Pak Awuy?” pitakone JB semu gumun. “Betul, waktu itu saya lihat sendiri,” tambahe Awuy semu rada wedi. Sabanjure Awuy nyritakake kedadeyane. Kala semana ana bocah hiking munggah Gunung Merapi kesasar lan ilang ora bisa bali. Wis digoleki karo kancane ora ditemokake. Mula banjur njaluk pitulungan spirituale Mbah Marijan, temahane bocahe bisa ketemu slamet. Kala lagi enak-enak ngobrol, anggota tim SAR Merapi padha weruh Mbah Marijan melu lingguh ing kono. Ning ditinggal noleh nyang buri Mbah Marijan ujug-ujug wis ilang ora karuan menyang endi parane. Mangka papane omber ana tengah ara-ara, nek mlaku utawa mlayu mesthine katon blegere. Nalika masalah mau ditakokne, Mbah Marijan mung mesem. Ature: Adi K. Putra JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006
Waosan menika kalebet argumentasi kanthi thithikan Senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel argumentasi
Artikel 5
Wayang Kulit Rai Wong
Dhalang asal Tegal Ki Enthus Susmono gawe gebragan anyar, dheweke pamer karyane sing gres arupa “wayang kulit rai wong” ing Galeri Besar Taman Budaya Jawa Tengah, Surakarta, tanggal 23–27 April kepungkur. Pembukaane disarirani Ketua Pepadi Jawa Tengah, Drs. Sutadi. Acarane kena diarani semuwa lan digarap kanthi nengsemake. Sing among tamu kenya-kenya bule ayu-ayu, Magdalena sakancane sing dandan kaya wayang wong, diiringi karawitan garapane Dedek Wahyudi sakanca. Uga katon penari cilik cacah enem kang luwes lan ayu menik-menik. Suguhane jajanan pasar jangkep. Ing tanggal 24-26 April dianakake kepyakan dhalang bocah lan pengrawit bocah. Uga ana diskusi lesehan kanthi pembicara budayawan Moh. Sobary lan Bambang Suwarno. Tanggal 27 April pameran iku ditutup kanthi pagelaran wayang kulit rai wong dening Ki Dhalang Enthus, mawa lakon “Ramabargawa” kang naskahe digarap Ki Tristuti Rahmadi Suryasaputra. Geneya gawe wayang rai wong? Kamangka sadurunge Ki Enthus iya tau gawe wayang planet, wayang kanthi figur-figur tokoh-tokoh politik, panakawan teletubbies, lan liya-liyane? Kanggo menehi wangsulan marang pitakone para tamu, Ki Enthus nyedhiani video rekaman ngenani proses kreatife nganti dumadine wayang rai wong kang dipamerake iki. “Aku pengin ngakrabake wayang marang bocah-bocah. Jalaran suk rong puluh taun maneh sing bakal nanggap wayang lan nguri-uri kesenian wayang iku generasi sing saiki isih bocah-bocah iki,” ngono alesane. Ki Enthus rumangsa prihatin nalika ing sawiji wektu ngenalake wayang Arjuna marang murid-murid SD, entuk pitakonan kang nyedhihake: “Iku manuk jinis apa?” Iya pitakonan iku sing nuwuhake krenteg gawe wayang rai wong, ing pangangkah bisa kanggo nyedhakake wayang marang bocah-bocah, jalaran karaktere ora adoh sungsate karo wayang kang klasik.. Nadyan ngono Enthus ngakoni, wayang klasik sing ana sasuwene iki sejatine wis mujudake “karya puncak” kang ora bisa diowahi. GUMANTUNG SOSIALISASINE Budayawan Bambang Murtiyoso nganggep apa kang ditindakake Enthus iki sejatine mujudake kemunduran. Lan sejarah nyathet wayang-wayang ngene iki ora suwe umure. “Ing cathetan sejarah wayang, sejatine wayang rai wong iku wis dudu barang anyar. Contone wayang dupara, wayang suluh, lan liya-liyane. Wayang klasik purwa iku sejatine mujudake puncak kreatifitas, dene wayang-wayang kang bentuke memper uwong iku malah wayang-wayang dhagelan: panakawan, Limbuk, Cangik. Kanthi ngrubah ngono iku ora kok njur otomatis ana “hubungan signifikan” karo anane perkembangan seni wayang. Iku gumantung sosialisasi-ne, lan iki perlu proses. Ning jaman saiki iki pancen ana owah-owahan arah perkembangan wayang, saka sing figuratif, filosofis, lan simbolis, dadi wayang sing nyedhaki realis.” Distorsi bentuk wayang saka kang wis ana iku iya wis tau ditindakake dening Ki Kasman, kang uga tetep ngakoni manawa wayang klasik iku wis ora bisa diowahi. Ki Enthus optimis wayange iki bakal bisa dingerteni apa dening bocah-bocah. Kanggo sosialisasine, dheweke bakal majang wayang rai wong mau jejer karo wayang klasik, dimen bocah-bocah padha ngerti. “Ora masalah, wayang iku ya wadhag dudu barang alus. Wayangku wanda wong iki isih lumayan ana bentuke. Lha wong wayang suket sing ora jelas bentuke wae bisa kok. Nalika aku meguru dhisik, dhalang-dhalang menehi conto ora nggunakake wayang, ning nggunakne watu, godhong. Nyatane ya bisa kok.” Ki Enthus ngaku yen iki sejatine iya mujudake salah siji strategi bisnise. Yen mengko ana sing kepengin nanggap nggunakake wayang rai wong iya bakal diladeni. Lan ora bisa diselaki, yen karyane Ki Enthus iki cukup nggrengsengake jagad perwayangan nasional. “Aku pancen sengaja mbukak ‘front’ kreativitas. Karya iku kudu diwangsuli karo karya, nek mung saderma alok ning ora ana karyane apa artine....” ngono ngakune. Ing penutupan, Ki Enthus sengaja milih lakon Ramabargawa. Alasane, Rama Bargawa iku wong sekti, nanging mujudake conto sawijining bocah kang salah asuh, dadine ora terarah. Ramabargawa iku korban saka ambisi lan obsesine bapake. Iki bahaya banget. Aja nganti bocah-bocah saiki dadi kaya mangkono iku. Ature: Widodo Basuki JB 36/LX, 7-13 Mei 2006
Kaaturake dening: Minggon Jaya Baya | 5/04/2006 10:24:00 PM
Kang Aweh Panemu: 0
Post a Comment
<< Home
Waosan menika kalebet argumentasi kanthi thithikan Ki Enthus rumangsa prihatin nalika ing sawiji wektu ngenalake wayang Arjuna marang murid-murid SD, entuk pitakonan kang nyedhihake: “Iku manuk jinis apa?” Iya pitakonan iku sing nuwuhake krenteg gawe wayang rai wong, ing pangangkah bisa kanggo nyedhakake wayang marang bocah-bocah, jalaran karaktere ora adoh sungsate karo wayang kang klasik..
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel argumentasi.



NARASI
Artikel 1
Sawunggaling, Sapa Kuwi?

Sing rumangsa dadi wong Surabaya mesthine kenal karo Sawunggaling, pahlawan Surabaya kang tansah nglawan Landa. Pesareyane ing Jl. Lidah Wetan Gang III, Kecamatan Lakarsantri Surabaya dikramatake, ning emane, ora ana cathetan sing cetha sapa sejatine dheweke kuwi. Ing taun 1995, dening Walikota Surabaya (swargi) Sunarto Sumoprawiro pesareyane Sawunggaling dipugar. Walikota asli Surabaya iku malah ngakoni yen dheweke kuwi keturunan Sawunggaling. Saben pidhato, klawan mongkog Cak Narto ngaku yen isih keturunane pahlawan Surabaya iki. Kanggo ngeling-eling jasa-jasane Sawunggaling, Gedhung Serba Guna Pemkot Surabaya ing lantai enem uga dijenengake Graha Sawunggaling. Ning emane, dalan-dalan ing Surabaya durung ana sing nganggo jeneng Sawunggaling. Ing crita rakyat disebutake menawa Sawunggaling iku pancen asli wong Lidah Danawati, desa pinggirane Surabaya. Putrane Tumenggung Jayengrono karo garwa ampil Dewi Sangkrah. Ning selawase uripe Sawunggaling ora tau gelem kerjasama karo Landa, kepara kerep brontak. Pesareyane Sawunggaling mapan ing burine mesjid Al-Qubro Jl. Lidah Wetan Gang III. Gang iki ditengeri jeneng Sawunggaling, dadi Jl. Lidah Wetan III Sawunggaling. Dadi yen wong arep nggoleki pesareyane Sawunggaling ora kangelan. Cedhak dalan gedhe, mlebu gang mung 200 meter. Pesareyan iki dikramatake dening masyarakat Lidah lan sakiwa-tengene. Saben malem Jemuah Legi lan Kemis Kliwon rame ditekani pendhudhuk kang ngalap berkah. Ing kono saben setaun sepisan diadani haul, tiba sasi Ruwah tanggal 10. Pesareyane wis apik, ditembok lan jobine dikramik. Ing jero cungkup pesareyan iki ana pesareyan cacah lima, yaiku pesareyane Raden Ayu Pandansari (Ratu Jin), Sawunggaling, Raden Ayu Dewi Sangkrah (ibune Sawunggaling), Mbah Buyut Suruh utawa Wongsodrono (simbahe Sawunggaling) sing dadi demang ing Lidah Danawati, lan Karyo Sentono, abdine Sawunggaling. Ing ngarepe pesareyan ana lukisan cacahe telu gambar ayam jago. Sapa sing nglukis lan sapa sing menehi, ora ana sing weruh. Sisihe pesareyan ana ruangan amba kanggo tamu lan papan ngaji. Ngarep dibanguni pendhapa. Tamu asal saka jaban Surabaya bisa nginep ing kono. Laladan Lidah kang dhek 10 taun kepungkur sepi, saiki wis rame. Akeh perumahan mewah dibangun ing kono. Dikupeng proyek real estate terkenal kayadene Pakuwon Jati, Ciputra, sedhela maneh dadi kawasan elit. Ora adoh saka kompleks pesareyan Sawunggaling ing Lidah Kulon ana kampus Universitas Negeri Surabaya. Uga cedhak karo Supermall Pakuwon, kompleks pertokoan moderen ing Surabaya Barat. Daleme Walikota Surabaya, Bambang DH, ing Graha Sampurna uga ora adoh saka kono. JAKA BEREK Miturut tokoh masyarakat Lidah, Komisaris Polisi Nurtono, senajan Sawunggaling iki tokoh sing diajeni dening masyarakat Lidah, ning wong kono durung ngerti kapan Sawunggaling iku urip lan sedane. Warga Jl. Lidah Wetan gang VII Surabaya sing uga dadi pimpinan ludruk Gema Tribrata kuwi uga kerep mentasake lakon Sawunggaling. “Sawunggaling uga tau dibahas ing Unesa Surabaya pas mengeti ambalwarsa RI kaping 50 taun 1995, ning asile seprene durung ditemokake data-data kapan uripe, lan kapan olehe dadi tumenggung, nganti sedane,” ngono jarene priya sing tugas ing Bina Mitra Polda Jawa Timur kuwi. Makalah sing diterbitake dening Kecamatan Lakarsantri, Cerita rakyat disajikan dalam rangka diskusi riwayat R. Sawunggaling yang berkaitan dengan jiwa kepahlawanan nasional, nyebutake nalika Tumenggung Jayengrono mbeburu kewan ing laladan Lidah Danawati ketemu karo prawan ayu umbah-umbah ing rawa Wiyung. Tumenggung Jayengrono sing wis kagungan putra loro Sawungrono lan Sawungsari kuwi kepencut karo prawan desa sing ayu rupane mau. Wong loro kuwi, Tumenggung Jayengrono lan prawan Dewi Sangkrah putrane Ki Demang Suruh banjur ulah asmara, nganti nggarbini. Dewi Sangkah kaparingan cindhe puspita minangka kenang-kenangan lan tetenger ing tembe yen besuk putrane lair. Jayengrono banjur bali menyang Kadipaten Surabaya ninggal Dewi Sangkrah sing lagi mbobot. Laire jabang bayi lanang dibarengi rawa Wiyung ketiban daru cumlorot sing nyebabake iwak-iwak padha mati “berek”. Mulane jabang bayi mau njur dijenengake Jaka Berek. Nalika Jaka Berek remaja –ning durung ngerti sapa bapake-- duwe ingon-ingon pitik jago menangan. Dheweke banjur takon marang ibune, “Sapa sejatine bapakku, Bu?” Diwangsuli, “Sejatine ramamu kuwi Tumenggung Surabaya, Jayengrono.” Jaka Berek banjur budhal nggoleki ramane kanthi sangu cindhe puspita lan pitik jagone. Nalika mlebu kadipaten akeh pepalang, ning akhire bisa ketemu ramane lan diaku putrane merga nggawa bukti cindhe paringane ibune mau. Jaka Berek banjur diparingi jeneng Sawunggaling. Tumenggung Jayengrono klebu wong sing dianggep ora bisa kerjasama karo Landa. Mula kalungguhane Jayengrono digoyang klawan ngadani sayembara sodoran karo manah umbul-umbul tunggul yuda. Sapa sing bisa manah umbul-umbul mau bisa dadi Tumenggung Surabaya. Jayengrono nyiapake putrane loro melu sayembara. Sedheng Sawunggaling ora dielokake. Ning meneng-meneng Sawunggaling budhal dhewe. Jebule Sawunggaling menang. Landa ora sarujuk yen Sawunggaling sing dadi tumenggung. Mulane Landa gawe peraturan maneh supaya Sawunggaling mbabat alas Nambas Kalingan sing kondhang wingit. Tugas iki wis dileksanani, ning Landa durung gelem ngakoni. Carane penjajah gawe tipu muslihat api-api ngadani pesta perayaan kemenangane Sawunggaling. Ing pesta mau ombene Sawunggaling diwenehi racun. Untunge Adipati Cakraningrat saka Medura nampek gelas mau nganti banyune kutah. Sawunggaling nesu ning akhire diterangake, gelase ditampek jalaran Cakraningrat ngerti ngombene ana racune. Wiwit kuwi Sawunggaling tambah antipati marang kompeni. Ing tembe dheweke kasil merjaya Jendral De Boor, penggedhene Landa kang nguwasani tanah Jawa.
Ket :
Waosan menika kalebet narasi kanthi titikanipun Ing crita rakyat disebutake menawa Sawunggaling iku pancen asli wong Lidah Danawati, desa pinggirane Surabaya. Putrane Tumenggung Jayengrono karo garwa ampil Dewi Sangkrah. Ning selawase uripe Sawunggaling ora tau gelem kerjasama karo Landa, kepara kerep brontak. Sawunggaling iki tokoh sing diajeni dening masyarakat Lidah, ning wong kono durung ngerti kapan Sawunggaling iku urip lan sedane.
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel narasi. Amarga waosan menika ngandaraken crita rakyat disebutake menawa Sawunggaling iku pancen asli wong Lidah Danawati, desa pinggirane Surabaya. Putrane Tumenggung Jayengrono karo garwa ampil Dewi Sangkrah. Ning selawase uripe Sawunggaling ora tau gelem kerjasama karo Landa, kepara kerep brontak.

Artikel 2
Nresnani Basa Ibu

Saking tresnane marang basa ibu (basa negarane), Presiden Prancis Jacques Chirac kepeksa walk out, ninggalake Pertemuan Tingkat Tinggi Uni Eropa (UE). Soale, Ketua UICE (Federasi Pengusaha Eropa), Ernest Antoine Seilliere, pidhatone nganggo basa Inggris. Mangka Seilliere kuwi wong Prancis, kok milih pidhato ora nganggo basa ibune. Kuwi sing marahi Chirac ora sarujuk. “Aku syok banget ngrungokake wong Prancis pidhato ing ngarepe dewan nganggo Basa Inggris,” kandhane Chirac mandhes. Kabar saka Reuter/AFP sing uga dikutip koran nasional iku ngarani kuwi jalaran aksi WO kapisan sing ditindakake Chirac ing pertemuan UE. Mesthi bae sing ngestreni sidhang, sing uga klebu sawatara petinggi negara UE lan pengusaha (sudagar) gedhe, padha cingak. Sadurunge metu saka ruwangan Chirac wis sumela marang pidhatone Seilliere. “Geneya Tuwan nggunakake Basa Inggris?” pitakone marang Seillere. Sing ditakoni tumuli bae aweh wangsulan, “Aku nganggo basa Inggris amarga iki basa bisnis.” Chirac pancen konsisten anggone ngajab supaya Basa Prancis digunakake kanggo kabeh organisasi. Ngrungu wangsulane Seillere kuwi dheweke gage ninggalake ruwang sidhang bebarengan karo menteri senior cacah loro. “Prancis banget ngajeni basane dhewe. Mula kuwi, aku lan delegasi Prancis angur metu tinimbang ngrungokake pidhato kuwi.” Chirac nandhesake, “Jagad ing mbesuke ora migunakake basa siji utawa budaya siji. Basa Inggris wis ngrebut posisine basa Prancis minangka piranti komunikasi 25 anggota UE,” ujare. Nresnani basane dhewe ora ateges nggethingi basa manca. Nresnani budayane dhewe uga ora perlu banjur nyepelekake budaya manca. Padha karo nresnani bangsa dhewe, sawutuhe, ora ateges banjur sengit marang bangsa liya (chauvinisme). Chirac, minangka Presiden Prancis, tumindak kaya kasebut mau lugune mung aweh kawigaten lan pamrayoga amrih bangsane gedhe katresnane marang basane dhewe. Senajan Seilliere nganggep basa Inggris minangka basa bisnis, nanging Chirac tetep ngajab bangsane bisa nresnani basane dhewe lan migunakake basa Prancis ing kalodhangan apa bae ing ngarepe publik. Kita ora bisa nyalahake Seilliere, nanging sikape Chirac kang konsisten nresnani basane dhewe, tumrap kita bangsa Indonesia (klebu Jawa lan dhaerah liyane) dadi tuladha becik lan prayoga. Pangajab Basa Prancis dadi basa bebrayan donya, saora-orane ing Eropa, pancen ora ana alane anggere wae nyukupi syarat kabutuhane bangsa-bangsa Eropa, upamane dadi basa politik, bisnis, lan liya-liyane. Mengkono uga Basa Indonesia ora mokal bisa dadi basa ASEAN, upamane merga Basa Indonesia akeh mempere karo basa ing negara-negara ASEAN. Apa maneh Indonesia duwe daya tarik wisata. Bisa wae para wisatawan manca banjur padha kepengin sinau Basa Indonesia, utawa basa Jawa lan dhaerah liyane. Nanging apa kita bisa konsisten kaya Chirac, Presidhen Prancis kuwi? Konsisten ngrungkebi Basa Indonesia dadi basa sing bisa digunakake ing ndalem caturan politik, sosial, budaya, ekonomi, lan teknologi sing basane baku --ora sedhela manut Inggris sedhela manut Landa, upamane. Sing perlu dadi kawigaten maneh, Bangsa Indonesia iki duwe basa dhaerah akeh banget. Basa dhaerah kuwi perlu tansah dadi basa dhaerah, kanggo komunitas dhaerah kono, kanggo nyengkuyung lan lestarine kabudayan dhaerah kono dhewe. Dene basa dhaerah ora perlu dadi Basa Indonesia sing wis kadhung diakoni minangka basa nasional. Amrih lestarine, basa dhaerah kudu diwulangake ing sekolahan-sekolahan awit wong tuwane bocah-bocah generasi saiki wis ora bisa dadi “guru alami” basa dhaerah maneh amarga basa dhaerah wis dudu “basa ibu”. Konyole maneh, Basa Indonesia baku uga wis klebon unsur-unsur basa dhaerah lan prokem, sarta istilah-istilah anyar liyane sing bisa ngrusak. Media elektronik lan cetak akeh nyumbang rusake basa nasional kuwi liwat caturan remaja, sinetron, lan acara remaja liyane. Iki nuduhake yen kita ora konsisten, ajeg ngudi amrih basa kita tetep eksis minangka basa sing bisa dienggo caturan tumrap samubarang kalir sing kumelip ing jagad iki. Kita ora kudu gething, sengit, lan ngemohi basa manca yen basa manca kuwi piguna kanggo caturan upamane ing babagan budaya, bisnis, lan liya-liyane. Kita sinau Basa Inggris awit Basa Inggris dadi basa kapustakan donya lan jagad srawung. Kita nyinau Basa Jepang yen kita arep ngangsu kawruh ing Jepang sing teknologine dhuwur. Kita nyinau Basa Mandarin amarga klebu basa bisnis sing kawentar. Sing ora kita sarujuki kuwi watake bangsa awak iki. Watak sing banjur diwarisi generasi sabanjure. Watak eleke yakuwi yen kita wis srawung karo basa lan budaya manca, kita banjur nyingkur basa lan budayane dhewe amarga nganggep budayane dhewe iki luwih asor lan budaya manca kuwi luwih unggul amarga “bebas”. Iki sing marahi bangsane dhewe ora gelem maju, merga yen wis srawung karo Landa banjur kumalanda. Luwih Landa tinimbang Landa-ne dhewe sing wis angejawa. Kita kepengin kaya Chirac. Senajan negara Prancis wis maju banget minangka raseksa kulonan, dheweke tetep konsisten nresnani basane dhewe. Lan kuwi dibuktekake. Kita kudu tansah eling pitutur: yen kita kepengin ngajeni awak dhewe, aja dadi wong liya. Ya kuwi sing diarani kapribaden. Ature: Anie Soemarno JB 43/LX, 25 Juni-1 Juli 2006
Ket :
Waosan menika kalebet narasi kanthi titikanipun Senajan Seilliere nganggep basa Inggris minangka basa bisnis, nanging Chirac tetep ngajab bangsane bisa nresnani basane dhewe lan migunakake basa Prancis ing kalodhangan apa bae ing ngarepe publik. Kita ora bisa nyalahake Seilliere, nanging sikape Chirac kang konsisten nresnani basane dhewe, tumrap kita bangsa Indonesia (klebu Jawa lan dhaerah liyane) dadi tuladha becik lan prayoga. Pangajab Basa Prancis dadi basa bebrayan donyaKita kudu tansah eling pitutur: yen kita kepengin ngajeni awak dhewe, aja dadi wong liya. Ya kuwi sing diarani kapribaden.
Hasil koreksian : kula mboten sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel narasi amarga waosan menika nganggep basa Inggris minangka basa bisnis, nanging Chirac tetep ngajab bangsane bisa nresnani basane dhewe lan migunakake basa Prancis ing kalodhangan apa bae ing ngarepe publik. Kita ora bisa nyalahake Seilliere, nanging sikape Chirac kang konsisten nresnani basane dhewe, tumrap kita bangsa Indonesia (klebu Jawa lan dhaerah liyane) dadi tuladha becik lan prayoga. Waosan ing nginggil menika kalebet jenisipun waosan argumentasi.

Artikel 3
Syekh Maulana Maghribi Kang Nurunake Ratu-Ratu Mataram
Tekan saprene Parjiyono mengkirig yen kelingan pengalaman nalika tirakat sujarahan ana makame Syekh Maulana Maghribi ing Gunung Sentana, salor-wetane cepuri Parangkusuma, Parangtritis, Yogyakarta. Nalika semana udakara jam loro bengi. Lagi enak-enake turu ana bangsal palereman karo kancane sadesa dumadakan krungu swara thing...thung...thing...thung...brung, sora banget mawali-wali kaya swarane gamelan jathilan. Ora lidok, saka lompongan dalan mlebu makam jumedhul rerupan kang medeni. Rambute riyap-riyap, raine abang mangar-mangar. Wong nyebut iki barongan. Saburine ana paraga loro kang nunggang jaran kepang. Wong telu mau njoged ngleter ana satengahe plataran. Sing nabuh padha lungguh ana pinggir sangisore wit jambu. Tontonan gratis iki suwene kira-kira sepuluh menit. Anehe, ngerti-ngerti kabeh padha bali metu dalan sing diliwati mau tanpa swara, terus ilang ora karuwan parane. Parjiyono karo kancane padha ndhrodhog wel-welan jalaran saka wedine. Kabeh padha gumun dene ing tengah wengi ana wong mbarang jathilan tur ana makam. Lagi esuke kedadeyan iki ditakokake marang jurukunci. Diwangsuli yen pengalamane Parjiyono iki mung godha. Sing mbarang iku bangsane dhemit. Dheweke kandha tau dicritani pengunjung kang weruh ana putri ayu nganggo busana cara kraton, ngerti-ngerti mlebu pasareyan ing tengah wengi. Liya dina ana maneh kang kandha weruh ana irid-iridan wong, sing ngarep sajak kaya pendhita, ngerti-ngerti uga mlebu pasareyan. Kamangka makam iku dikunci yen wis ora ana peziarah kang sowan. Kandhane, saplok pasareyan iki diwenehi lampu listrik kedadeyan kaya kang dialami wong-wong iku wus langka. Pasareyan Syekh Maulana Maghribi iki dijaga sacara giliran dening jurukunci cacah 39 reh karaton Yogyakarta kang dipandhegani R. Ng. Suraksatarwana. Ana papan telu kang dijaga, yaiku cepuri Parangkusuma, makame Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang Aking, sarta makame Syekh Maulana Maghribi. Jurukunci iku dibage dadi telung kelompok. Sakelompok kena giliran seminggu. Kabeh makam iku terbuka sedina muput. Yen butuh jurukunci kari nabuh kenthongan, mengko mesthi ana sing teka. Dene pasareyane Kyai Selaening sawetane Parangwedang dudu pasareyan pepundhen karaton. Mulane ora ana jurukunci tanduran kraton. Sapa ta Syekh Maulana Maghribi iku? Adhedhasar Babad Demak panjenengane iku sawijine wong Arab kang mumpuni ilmu agama Islam. Asale saka tanah Pasai. Critane isih tedhak turune Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan klebu golongan wali ing tanah Jawa. Anggone angejawa mbarengi adege karaton Demak. Panjenengane mula kagungan ancas tujuwan ngislamake wong Jawa. Sabedhahe kraton Majapait ganti kraton Demak kang disengkuyung dening para wali. Sawise tentrem negarane para wali andum gawe nyebarake agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ana kana dipundhut mantu dening sang adipati. Nanging durung nganti taunan nuli ditundhung, sebabe apa ora kecrita. Saoncate saka Blambangan banjur menyang Tuban, menyang panggonane kanca akrabe lan padha-padha saka Pasai, tunggale Sunan Bejagung karo Syekh Siti Jenar. Saka kono Syekh Maulana banjur lelana tabligh menyang Mancingan. Nalika tabligh ana Mancingan iki Syekh Maulana sejatine wis peputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Telangkas) saka garwa asma Rasa Wulan, ya rayine Sunan Kalijaga (R. Sahid). Wektu ditinggal ramane lunga Kidang Telangkas isih bayi. Kawuningana nalika oncat saka Blambangan sejatine Syekh Maulana uga ninggal wetengan kang mbabar kakung, diparingi asma Jaka Samudra. Ing tembe Jaka Samudra jumeneng waliyullah ana Giri, ajejuluk Prabu Satmata utawa Sunan Giri. Nalika Syekh Maulana tekan Mancingan ing kana wis ana sawijine pendhita Budha kang limpad, asmane Kyai Selaening. Daleme ana sawetane Parangwedang. Dene papan pamujane kyai iki karo murid-muride ana candhi kang didegake ana sadhuwure gunung Sentana. Sakawit Syekh Maulana ethok-ethok meguru karo Kyai Selaening. Ana bebrayan umum Syekh Maulana kadhangkala sok ngatonake pangeram-eram. Suwe-suwe Kyai Selaening midhanget bab iki. Syekh Maulana ditimbali lan dipundhuti priksa apa anane. Ya ing kono iku Syekh Maulana ngyakinake Kyai Selaening bab ilmu agama kang sanyata. Wong loro iku banjur bebantahan ilmu. Nanging Kyai Selaening ora keconggah nandhingi ilmune Syekh Maulana. Mulane panjenengane genti meguru marang Syekh Maulana. Panjenengane banjur ngrasuk agama Islam. Wektu iku ing padepokane Kyai Selaening wis ana putra loro playon saka Majapait kang ngayom ana kono, asmane Raden Dhandhun lan Raden Dhandher, karo-karone putrane Prabu Brawijaya V saka Majapait. Bareng Kyai Selaening mlebu Islam putra Majapait iku uga banjur dadi Islam, asmane diganti dadi Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang (Dami) Aking. Syekh Maulana ora enggal-enggal jengkar saka Mancingan nanging sawatara taun angasrama ana kana, mulang agama marang warga-warga desa. Daleme ana padepokan ing sadhuwure Gunung Sentana, cedhak karo candhi. Candhi iki baka sethithik diilangi sipate. Kyai Selaening isih tetep ana padhepokan sawetane Parangwedang nganti tekan ajale. Welinge marang anak putune, aja pisan-pisan kuburane dimulyakake. Makame iki lagi taun 1950-an dipugar karo sedulur saka Daengan. Banjur ing taun 1961 dipugar luwih apik maneh dening sawijine pengusaha saka kutha. Bareng wis dianggep cukup anggone syiar agama Syekh Maulana banjur jengkar saka Mancingan lan meling supaya tilas padhepokane iku diapik-apik kayadene nalika wong-wong padha mbecikake candi. Ya ing padhepokan iku wong-wong banjur yasa kijing. Sapa sing kepengin nyuwun berkahe Syekh Maulana cukup ana ngarep kijing iki, kayadene ngadhep karo panjenengane. Syekh Maulana Maghribi utawa Syekh Maulana Malik Ibrahim sawise saka Mancingan nerusake tindake syiar agama ana ing Jawa Timur. Bareng seda jenazahe disarekake ana makam Gapura, wilayah Gresik. Syekh Maulana Maghribi nurunake ratu-ratu trah Mataram. Urutane silsilah: Bupati Tuban-Dewi Rasa Wulan (nggarwa Syekh Maulana)-Jaka Tarub (nggarwa Dewi Nawangwulan)-Nawangsih (nggarwa Radhen Bondhan Kejawan)-Kyai Ageng Getas Pendhawa-Kyai Ageng Sela-Kyai Ageng Anis/Henis-Kyai Ageng Pemanahan (Kyai Ageng Mataram)-Kanjeng Panembahan Senapati-Kanjeng Susuhunan Seda Krapyak-Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma-Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat (Seda Tegalarum)-Kanjeng Susuhunan Paku Buwana I-Kanjeng Susuhunan Mangkurat Jawi-ratu-ratu karaton Surakarta, Yogyakarta, Pakualaman, lan Mangkunegaran. Masiya makame Syekh Maulana ing Gunung Sentana dudu pasareyan sing sabenere, nanging saben ana rombongan ziarah Wali Sanga mesthi merlokake ziarah ana pasareyan Syekh Maulana ing Parangtritis. Panggonan liya sing mesthi dadi jujugane ziarah Wali Sanga yaiku makam Gunung Pring, Muntilan (pasareyane Kyai Santri) lan makam Bayat. Kayadene makam pepundhen kraton liyane, saben wulan Ruwah makame Syekh Maulana uga nampa kiriman dhuwit lan ubarampe “kuthamara” saka kraton Yogyakarta. Saben tanggal 25 Ruwah ing makam iki diadani wilujengan sadranan. Ature: Suwarsono L. JB 40/LX, 4-10 Juni 2006
Ket :
W aosan menika kalebet narasi kanthi titikanipun pasareyan Syekh Maulana Maghribi iki dijaga sacara giliran dening jurukunci cacah 39 reh karaton Yogyakarta kang dipandhegani R. Ng. Suraksatarwana. Ana papan telu kang dijaga, yaiku cepuri Parangkusuma, makame Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang Aking, sarta makame Syekh Maulana Maghribi. Jurukunci iku dibage dadi telung kelompok
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel narasi.

Artikel 4
Mbah Marijan: Nek Ngungsi Kliru

Senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa Dalem kudu patuh sarta tanggung jawab, ora kena ninggalake jejibahane, senajan ta totohane nyawa. Mbah Marijan, tokoh spiritual Jawa sing gawe bingunge aparat jalaran ora gelem ngungsi iku nganggep menawa Gunung Merapi kuwi pepundhene. Mula senajan pendhudhuk kiwa-tengen padha bingung ninggalake omah tumuju brak pengungsian, Mbah Marijan cukup tenang-tenang saja di rumah. Merapi dianggep kaya ora ana apa-apa. Dheweke malah mbongkar omahe kapernah buri pendhapa, wiwit saka gendheng, usuk, reng, nganti krepus kang padha kropos diganti cor semen lan ragangan wesi. Paturone pindhah ana sisih wetan cerak pawon. Amben galare cerak warunge sing biyasa kanggo nyepaki kabutuhane bocah sing arep munggah Merapi. Reng-usuke diganti pamrihe nek sawanci-wanci wedhus gembel teka nerak omahe, ora ambruk. Bab iku belajar saka kedadeyan ing Turgo sing gendhenge omah-omah padha ambruk jalaran ketiban awu panas pirang-pirang kubik. “Sing terang ora bakal ana kedadeyan apa-apa ing kene. Kabeh tak pasrahake karo Sing Maha Kuwasa,” ngono kandhane Mbah Marijan nalika ditemoni JB dhek dina Jemuah Paing, 5 Mei 2006 kepungkur. Merapi sing wis ngetokake lava pijar (panase 600 derajat Celsius) iku durung marakake Mbah Marijan percaya yen gununge bakal mbledhos. Karo nemoni tamune Mbah Marijan liyer-liyer turu-turu ayam, jalaran bengine kudu prihatin, ngrondhani omahe lan nindakake laku spiritual. Ngepasi ana swara adzan dheweke nindakake sholat ana langgar kulon omahe. Saploke Merapi kumat iku simbah jurukunci iki tansah ketamuan paranormal sing arep golek popularitas nindakake labuhan ing Sri Manganti Merapi. Malah ana paranormal sing ngaku isih trahe keluwarga karaton. Kanthi anane aktivitas Merapi sing wis ngancik tingkat Awas Merapi iku akeh warga sing urip kacingkrangan padha ora bisa mergawe. Semono uga Mbah Marijan dhewe. Biyasane udud nglecis sigaret alus, saiki mung nglinting merga warunge ora payu, ateges uga kelangan pangan. “Nek boten payu nggih mangan tela godhog saking kebon,” ngono kandhane adhine ragil Mbah Marijan sing jenenge Tugiyem (50 taun). Tugiyem uga bukak warung kaya Mbah Marijan. Manut kandhane Tugiyem, Mbah Marijan iku sedulure kabeh ana pitu. Sing barep Mbah Marijan, adhine sing nomer loro, telu, lan papat wis ndhisiki mati. Sing nomer lima arane Subariyah ana Tanjung Karang, Sumatra. Sing nomer enem Wignyo, manggon ing Kinahrejo. Ragile Tugiyem iku, omahe pernah ngisor plataran omahe Mbah Marijan. Nalika ditemoni JB Mbah Marijan ora nganggo klambi dhines pranakan karaton, ning cukup nganggo sarung lan peci bathikan ireng. Dheweke uga kandha ora ana dhawuh saka Karaton Ngajogjakarta supaya nindakake labuhan. Labuhan wis ana jadwale dhewe. Dadi yen ana isu Karaton nganakake labuhan, iku ora bener. BISA NGILANG? Mbah Marijan wis diarih-arih Kapolsek Cangkringan AKP Munawar Wsc, supaya pindhah ngedohi Merapi. Nanging dheweke meksa ora gelem ngungsi. Mbah Marijan kandha, olehe ora gelem ngungsi amarga mundhi dhawuhe swargi Sri Sultan HB IX. Kala semana Ngarsa Dalem dhawuh minangka jurukunci Merapi dheweke nduweni kewajiban njaga lan tanggung jawab ngreksa Merapi. Ora kena ninggalake pakaryan mau senajan ta totohane nyawa. Nek nekad ngungsi iku kliru, nerak dhawuhe ratu gustine, bakal kapatrapan bendu. Mangka sadurunge kuwi, putrane Ngarsa Dalem IX, yaiku Sri Sultan HB X kang uga Gubernur DIY, wis ndhawuhake marang warga ing ereng-erenge Merapi supaya pindhah. “Aku wis ngandhani Mbah Marijan supaya ngungsi, aku kuwatir nek ana kedadeyan tenan mundhak aku sing diklirokne,” ngono pangandikane Sri Sultan HB X marang JB ing Kepatihan Danurejan, Jogjakarta, durung suwe iki. Minangka juru kunci Merapi, Mbah Marijan mesthi nduweni kaluwihan ngerti cara-carane nanggulangi Merapi yen pinuju nesu. Ana sing kandha menawa Mbah Marijan iku bisa ngilang. Apa bener mangkono? “Mas jangan heran ya Mbah Marijan itu bisa ngilang,” ngono kandhane Christian Awuy, Ketua Aspek (Asosiasi Perhotelan Kaliurang) Sleman marang JB. “Ah yang bener saja Pak Awuy?” pitakone JB semu gumun. “Betul, waktu itu saya lihat sendiri,” tambahe Awuy semu rada wedi. Sabanjure Awuy nyritakake kedadeyane. Kala semana ana bocah hiking munggah Gunung Merapi kesasar lan ilang ora bisa bali. Wis digoleki karo kancane ora ditemokake. Mula banjur njaluk pitulungan spirituale Mbah Marijan, temahane bocahe bisa ketemu slamet. Kala lagi enak-enak ngobrol, anggota tim SAR Merapi padha weruh Mbah Marijan melu lingguh ing kono. Ning ditinggal noleh nyang buri Mbah Marijan ujug-ujug wis ilang ora karuan menyang endi parane. Mangka papane omber ana tengah ara-ara, nek mlaku utawa mlayu mesthine katon blegere. Nalika masalah mau ditakokne, Mbah Marijan mung mesem. Ature: Adi K. Putra JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006
Ket :
Waosan menika kalebet narasi kanthi titikanipun senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa Dalem kudu patuh sarta tanggung jawab, ora kena ninggalake jejibahane, senajan ta totohane nyawa. Mbah Marijan, tokoh spiritual Jawa sing gawe bingunge aparat jalaran ora gelem ngungsi iku nganggep menawa Gunung Merapi kuwi pepundhene. Mula senajan pendhudhuk kiwa-tengen padha bingung ninggalake omah tumuju brak pengungsian, Mbah Marijan cukup tenang-tenang saja di rumah

Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel narasi.

Artikel 5
Maryoto Kurban Wedhus Gembel
Maryoto (50), warga Turgo sing mapan ing relokasi Sudimoro, saiki ora bisa kumecap maneh. Jalaran bantuan saka pemerintah lumantar Dinas Sosial Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) kang sesasi gedhene Rp 75.000 dijabel wiwit Nopember 2005. Maryoto sing dadi salah sijine kurban wedhus gembel saka puncake Gunung Merapi dhek taun 1994 iku saiki nasibe mesakake. Maryoto lan bojone, Kasiyem, sadurunge nandhang cacad kaya saiki uripe tentrem kebak kabungahan. Semono uga anake loro. Kahanan iku tibake ora lumaku suwe. Nalika Merapi ngetokake wedhus gembel dhek 12 taun kepungkur, Maryoto lan bojone katut kena awan panas sing ndadekake cacad selawase urip. Wiwit kuwi Maryoto ora bisa megawe. Drijine tengen ora wutuh, mung kari pucuk drijine sing wutuh, iku wae driji sambungan. Tangane kanggo nekem ora bisa. Semono uga kupinge loro karo ilang, mung kari bolongane, dadi nek dienggoni kacamata angel, ora ana canthelane. Nalika ditemoni JB ing omahe, Maryoto diampingi Kasiyem sing dirabi taun 1970-an. “Kala semanten kahanane siang kados dalu. Awu panas kalih gas mambet lirang nyembur ngapyuk awake bojo kula,” kandhane Kasiyem anggone miwiti critane. Nalika ketiban wedhus gembel Maryoto lagi rerewang gawe wedang mantene Wantini lan Warijo. Wantini karo sisihane (klebu bapake) tiwas ing musibah wedhus gembel mau. Kajaba Wantini, tamu sing buwuh uga dadi kurban. Total wong 40 tamune penganten ilang nyawane. Maryoto nalika kuwi lagi ngobrol ana pawon. Wanci jam sewelas awan krungu swara gemuruh kaya udan teka, banjur kahanane peteng dhedhet kaya wengi. Merga peteng dheweke bingung ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Karepe mlayu, ning durung nganti metu saka lawang, omahe wong sing duwe gawe iku ambruk ngebruki Maryoto, nganti ora bisa obah. Tanggane ora ana sing nulungi, merga padha golek slamet dhewe-dhewe. “Kala semanten kula ajeng nylametaken dhiri boten saged. Lha pripun, awak kula kebrukan griya boten saged obah, katambahan malih kekapyuk awu panas ing saranduning awak, tangan, lan sikil,” kandhane karo nuduhake tangan lan sikile sing cacad merga kena awu panas biyen. Rahayune Maryoto konangan regu penolong, banjur diplayokake menyang RSUP Dr Sarjito Jogjakarta. Tatu-tatune ditangani tim dokter luka bakar. Maryoto mondhok nganti pirang-pirang sasi ora bisa obah. Drijine sing kena awu panas wis ora wutuh kaya asline, saiki katon kiwir-kiwir. Dening tim dokter sing nangani, pucuke driji sing isih turah iku banjur disambung. Mula wujude ora memper kaya asline, katon pating jithet. “Riyin dhek sepindhahan bar operasi kados biyasa, nanging sasampunipun saras dadose cacad,” kandhane Kasiyem sing kala semana bisa mlayu saka omahe manten. Kasiyem kandha sing buwuh ing omahe Watini kala semana ana wong 63-an. Sing mati ngenggon ana wong 40-an, wiwit saka bocah balita tekan simbah-simbah umur 70-an.. Kurban mati banjur dikubur masal ing Dhusun Jamblangan. Saperangan ana sing dikubur ing liya papan saka panjaluke kulawarga. Saka kurban semono mau, sing 21 Dhusun Turgo, anggone ngubur dibudhalake saka aula Balai Desa Purwobinangun. BANTUAN DIENDHEGAKE Maryoto sing cacad tangane selawase urip iku maune nampa bantuan saka pamarentah. Ning wiwit sasi Nopember 2005 bantuan dhuwit sing gedhene Rp 75.000 sesasi iku dicabut. Kajaba bantuan dhuwit, dheweke uga oleh jatah omah tipe 32 lan sapi pohan siji. Ning sapi pohan sing dikandhangake sacara khusus ing perumahan iku, tekan saiki iya ora kocap ana endi parane! Kanthi mandhege bantuan Kasiyem montang-manting golek pangupajiwa kanggo ngingoni anak lan bojone. Dalan sing digayuh yaiku dadi buruh, sedinane entuk bayaran Rp 25.000. “Kula boten ngertos, pun enem sasi niki bantuan saking Dinas Sosial disumpet,” kandhane karo mripate kaca-kaca ngrasakake nasibe. Arep sambat, gek sapa sing bisa nulungi uripe? Ature: R. Dwi S. JB 38/LX, 21-27 Mei

Ket :
Waosan menika kalebet narasi kanthi titikanipun Maryoto (50), warga Turgo sing mapan ing relokasi Sudimoro, saiki ora bisa kumecap maneh. Jalaran bantuan saka pemerintah lumantar Dinas Sosial Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) kang sesasi gedhene Rp 75.000 dijabel wiwit Nopember 2005. Maryoto sing dadi salah sijine kurban wedhus gembel saka puncake Gunung Merapi dhek taun 1994 iku saiki nasibe mesakake. Maryoto lan bojone, Kasiyem, sadurunge nandhang cacad kaya saiki uripe tentrem kebak kabungahan

Hasil koreksian : kula mboten sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel narasi amarga waosan menika ngandaraken maryoto (50), warga Turgo sing mapan ing relokasi Sudimoro, saiki ora bisa kumecap maneh. Jalaran bantuan saka pemerintah lumantar Dinas Sosial Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) kang sesasi gedhene Rp 75.000 dijabel wiwit Nopember 2005. Maryoto sing dadi salah sijine kurban wedhus gembel saka puncake Gunung Merapi dhek taun 1994 iku saiki nasibe mesakake. Maryoto lan bojone, Kasiyem. Nanging waosan ing nginggil menika kalebet jenisipun waosan deskripsi.

EKSPOSISI
Artikel 1
Kue Leker, Crepe Jawa

Jajanan sing jaman kepungkur tau kondhang lan saiki wis arang ditemoni yakuwi kuwe leker. Kaya srabi sing dilempit ananging pinggirane kripik tipis. Saiki sing ana mung kutha-kutha gedhe Jakarta, Sala, Jogja, Semarang, lan Surabaya. Rata-rata anggone dodol leker disurung nganggo rombong kayadene grobag bakso. Yen ora mubeng turut lurung mlebu-metu kampung adate manggrok ana pojokan dalan gedhe utawa ana ngarep sekolahan. Rombong kasebut isine jladrenan leker lan wajan cilik sing dijejer-jejer kanggo ndadar jajanan iki. Rasane gurih lan legi tur kemripik. Ing tengahe ana irisan gedhange sing ditambahi susu kenthel. Regane rata-rata Rp 500. Ananging yen mung mangan siji durung marem. Yen mangsa udan kanggo kanca ngombe teh, nyamleng tenan. Mula sing tuku padha antri amarga wong siji yen tuku nganti rong puluh utawa luwih. Nalika JB nuju mlaku-mlaku wayah sore saurute Jl. Slamet Riyadi, Sala, kebeneran nemu bakul leker. Jenenge Harun, ngakune asal saka Kebumen. Dheweke mung ngedolake duweke juragan sing duwe rombong. Harun manggrok ana sangarepe toko buku Gramedia sawetane Sriwedari. Bukak dhasar bubar ngasar, padatan entek jam sanga bengi. Kamangka jladrenan sing digawa ora akeh, mung watara glepung rong kilo bae. Miturut katrangane, saiki bakul leker wis ora akeh, kena dietung nganggo driji. Sak kutha Sala bae kira-kira mung wong limalas. Kabeh padha sumebar, ana sing manggrok ing Jl. Slamet Riyadi, ana sing mapan ing Manahan lan Widuran, lan uga ana ing Margoyudan. Miturut sejarahe, leker kuwi jajan tinggalane Landa. Mlebu ing kene kira-kira pungkasaning abad XIX. Rikala semana ing Eropa jajanan sing arane crepe kuwi wis membudaya banget. Crepe dadi karemane wong Eropa mligine kanggo jajanan ing wayah sore. Suwening-suwe sing dikirim menyang tanah jajahan padha ketagihan karo jajanan iki. Gandheng ing kene bahan-bahan kanggo gawe crepe kuwi ora pepak lan juru masak sing dumadi saka wong pribumi bisane gawe crepe diselarasake karo bahan lan ilat lokal (Jawa), mulane banjur dadi kue leker kaya sing saiki isih ana. Mula bukane diarani leker, nalika semana para penggedhe Landa sing ngicipi jajanan iki sawise mangan kok padha muni “leker... leker...”, sing karepe: “enak... enak....” Gandheng juru masak pribumi ora ngerti basa Landa, mula tembung leker sabanjure dilestarekake kanggo tetenger jajanan sing memper crepe kasebut. Jaman semana leker uga wis mlebu menyang jero tembok karaton. Malah miturut sumber saka Sala, swargi Sinuhun Pakubuwana X karem dhahar leker. Panggawene leker ora angel. Bahan-bahane: glepung beras, endhog pitik, gula, gedhang raja, lan susu. Dene panggawene, sawise wajan panas dioseri lenga klapa. Glepung beras sing wis dijladreni karo gula putih lan endhog banjur didadar tipis. Tengahe diwenehi irisan gedhang raja lan susu kenthel. Dikira-kira wis taneg banjur dilempit dadi loro. Didhahar nalika isih anget-anget. Gawe leker kuwi gedhange kudu gedhang raja. Saliyane rasane legi uga ngandhut aroma sing khas. Yen gedhange dudu gedhang raja durung kena diarani leker.
Ature: Agus Prasmono JB 42/LX, 18-24 Juni 2006

Artikel kasebut kalebet jinis eksposisi amargi isinipun ngandaraken caranipun damel kuwe leker.
Indikasinipun : ”Panggawene leker ora angel. Bahan-bahane: glepung beras, endhog pitik, gula, gedhang raja, lan susu. Dene panggawene, sawise wajan panas dioseri lenga klapa. Glepung beras sing wis dijladreni karo gula putih lan endhog banjur didadar tipis. Tengahe diwenehi irisan gedhang raja lan susu kenthel. Dikira-kira wis taneg banjur dilempit dadi loro. Didhahar nalika isih anget-anget. Gawe leker kuwi gedhange kudu gedhang raja. Saliyane rasane legi uga ngandhut aroma sing khas. Yen gedhange dudu gedhang raja durung kena diarani leker”


Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel eksposisi amarga kalimat ingkang pundi ingkang nitikaken eksposisi. Salah satunggaling waosan ingkang dados titikanipun ”Panggawene leker ora angel. Bahan-bahane: glepung beras, endhog pitik, gula, gedhang raja, lan susu. Dene panggawene, sawise wajan panas dioseri lenga klapa. Glepung beras sing wis dijladreni karo gula putih lan endhog banjur didadar tipis. Tengahe diwenehi irisan gedhang raja lan susu kenthel. Dikira-kira wis taneg banjur dilempit dadi loro. Didhahar nalika isih anget-anget. Gawe leker kuwi gedhange kudu gedhang raja. Saliyane rasane legi uga ngandhut aroma sing khas. Yen gedhange dudu gedhang raja durung kena diarani leker




Artikel 2
Sejarahe Aksara Jawa
Ing rubrik LSW JB No. 28 Minggu II sasi Maret 2006, Bapak Yusuf Asmara mundhut priksa bab sejarahe akasara Jawa. Yen ora kleru sing dikersakake Bapak Yusuf Asmara iku aksara Jawa anyar kanthi aksara legena cacah 20 wiwit HA nganti NGA. Yen bener mangkono, keparenga penulis ngaturake tulisan bab sejarahe aksara Jawa kasebut, ringkesan saka sawatara buku-buku kapustakan. Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) babarane Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa anyar kang uga diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake karo rembug bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Miturut Bp Slamet Riyadi ing bukune kang isi kelairan, penyusunan, fungsi, lan maknane Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane aksara Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan konsepsi secara ilmiah. KONSEPSI SECARA TRADISIONAL Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka. Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA TA SA WA LA Padha suwala (padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane MA GA BA THA NGA Wasana padha dadi bathang Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada. KONSEPSI SECARA ILMIAH Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India angejawa, wong Jawa durung duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa lesan. Kanthi anane aksara kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana tulisan, nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing ndarbeni aksara kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan luwih maju tinimbang sing ora/durung duwe aksara. Miturut Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa, tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara Pallawa, nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis Jawa mung nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka sethithik ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna). Miturut studi paleografi sing ditindakake Casparis, ana limang periode aksara Jawa. Periode kapisan (aksara Pallawa) dening Bp. Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku: 1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 M. Contone tinemu ing prasasti Tugu ing Bogor. 2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang. 3. Aksara Jawa kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M, contone tinemu ing prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta. 4. Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925-1250 M, tinemu ing prasasti Airlangga. 5. Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu ing prasasti Singosari lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna. 6. Aksara Jawa anyar, digunakake taun 1500 M nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku. Lair lan ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo lair lan ngrembakane basa Jawa. Aksara Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar digunakake kanthi resmi ing sajroning pamarentahan, saora-orane wiwit taun 1500 M. Wektu kasebut punjere pamarentahan ing Jawa ana ing Demak. Mula ana sing duwe panemu manawa aksara Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika jaman Demak. Panemu iki disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi tulisan aksara Jawa anyar yaiku Kitab Bonang. Bab taun kelairane aksara Jawa iki padha karo andharane Bp. Moch. Choesni ing majalah JAMBATAN edisi khusus babaran Lembaga Javanologi Surabaya kang didumake marang para peserta Kongres Basa Jawa II ing Batu, Malang sasi Oktober taun 1996. Nanging beda versine. Bapak Moch. Choesni nggathukake kelairane aksara Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan persahabatan saka Tiongkok menyang tanah Jawa (Majapait) kang dipandhegani Laksamana/Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid wadyabala pirang-pirang ewu cacahe sikep gegaman. Ing rubrik Opini koran Jawa Pos Senen, 15 Agustus 2005, kanthi irah-irahan Cheng Ho dan Nebula China, Dr. Asvi Warman Adam (ahli peneliti LIPI Jakarta) nyebutake ekspedisi kapisan numpak prau cacah 300 kanthi penumpang 27.000. Ma Huan, penerjemah sing wis ngrasuk agama Islam, uga melu dadi penumpang. Bp. Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener tekane caraka kanthi sandiyuda Sam Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan persahabatan’ kang tulus? Apa ora ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala Tiongkok kang sumedya nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya Wiraraja dhek taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan), da-ta-sa-wa-la (tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane, kasembadan sedyane). Ing ngarep wis diaturake, secara tradisional urutan abjad ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji Saka. Nanging data literer nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa abjad ha-na-ca-ra-ka ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra Gendhing, Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna Jiwa. Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake karo filsafat utawa ngelmu kasampurnan. Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan kang ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20 warna filsafat ha-na-ca-ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana makalah-makalah liyane. Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka, lan Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing buku-buku kasebut abjad ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali. Miturut panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya dikarang dening Kartamursadah ing jaman Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa taun 1813 Masehi. Dene abjad Jawa sing luwih tuwa diarani ka-ga-nga, awit manut wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya ditedhak (disalin) dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya. Apa ana naskah liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit miturut Wiryamartana naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne keh-kehane ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing paling tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman Kartasura. Miturut Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung (1645 M) utawa antarane jaman Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan Agung wis ana gagasan bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi (pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing tumekane saiki bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan kasebut mujudake gabungan antarane kalender taun Saka karo kalender taun Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah sadurunge jaman Sultan Agung ora ana abdjad ha-na-ca-ra-ka. Ora bisa kita selaki aksara Jawa kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk karo saya majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir mligine ing bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing Semarang sasi Juli 1991, wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan Sembada kanthi memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji, dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake pembangunan lair lan batin. Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta Juli 2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi PR-e sapa bae kang pancen isih padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni, lan hangrungkebi budaya Jawa. Ature: M. Soemarsono JB 40/LX, 4-10 Juni 2006
Kaaturake dening: Minggon Jaya Baya | 5/28/2006 02:35:00 PM

Artikel kasebut kalebet jinis eksposisi amargi isinipun ngandaraken sejarah aksara jawa.
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel eksposisi.

Artikel 3
Codhot Goreng
Kewan bangsa iber-iberan kang sabane bengi iki saiki dadi menu super istimewa. Saliyane pancen dadi kareman, nyatane bisa marasake lara asma lan alergi gatel-gatel. Golek masakan codhot goreng ing wewengkon Kabupaten Kediri, ora angel. Ing Desa Batuaji, Kecamatan Ringinrejo, Kediri ana spanduk ing emperan warung mawa tulisan gedhe-gedhe: WARUNG MBAK SIS, SEDIA CODHOT GORENG lan ana gambare codhot, lan eee... ana nomere 49, nomer buntut saka buku 1000 Tafsir Mimpi. Saliyane bakul codhot goreng, Mbak Sis (Siswati) uga dodol bekicot goreng, swike goreng, emprit goreng, lan usus goreng, sejene menu lumrah soto ayam lan es campur. Nyatane sing paling akeh digoleki empat sembilan goreng utawa vampire goreng iku. Langganane ora mung saka Kediri, ana sing saka Blitar, Tulungagung, Nganjuk, malah ora sethithik sing saka Surabaya, Yogyakarta. Uga akeh pesenan saka Sumatra, Kalimantan, lsp. “Sing saka luar Jawa iku sajake pesenane dulure sing ana Kediri lan kiwa-tengene kene,” ngendikane Mbak Sis sing wis bukak warung codhot watara sepuluh taunan. Mula bukane Mbak Sis ngolah codhot (bangsane lawa sing panganane woh-wohan) merga dipeseni tanggane sing saka Menado. Senajan awal-awale rumangsa rada jijik, suwe-suwe merga kulina ya wis ora ana saru sikune. Apa maneh nyatane iwak codhot ora mung dadi panganan kareman wae, nanging ana kasiyate, bisa marasake lara asma (ambegan seseg) lan gatel-gatel merga alergi. Mula dagangane Mbak Sis saya laris lan saya akeh sing nggoleki. Nalika JB mrana, ana sedhan BMW kleser-kleser mandheg ing ngarep warung, eee ...jebul sing digoleki ya codhot goreng. Ngendikane Mbak Sis, tamu iku wis langganan, malah kadhang-kadhang pesen kalong goreng barang. Genah iku mau tamu tuman krasan! MURAH MERIAH Senajan dagangane Mbak Sis klebu dagangan langka, regane kepetung murah, kepara malah murah banget. Saben sabungkus plastik isi 2 (gedhe karo cilik) utawa 3 (tanggung) cukup dibayar nganggo dhuwit cilik Rp 3.000. Murah ta? Tur ya gurih tenan! “Thithik-thithik ya wis bathi, Mas. Wong kira-kira mentahe iku bunci rong ewu. Lumayan ta, per plastike duwe turahan sewu.” Nyatane pancen ya ngono, codhot sing cilik dhewe tukon Rp 500, tanggung Rp 750, gedhe Rp 1.000 nganti Rp 1.500. Dadi manawa matenge per plastik didol Rp 3.000 (isi 2 utawa 3) opahe mbetheti lan mlastiki wis ana lan kena kanggo nyukupi kebutuhan urip kulawarga ing saben dinane. Saben dinane bisa ngedol 50-200 codhot. Dene yen ana tamu kentekan bisa disemayani dina sesuke, merga saben dina ana “pemburu vampire” sing nyetorake oleh-olehane. Mbak Sis ora mung ngladeni jinis gorengan wae, manawa ana sing pesen sayur, bumbu rujak, masak kecap, lsp. uga sanggup nglayani. Yen ana sing pesen jerohan, peru, ati uga bisa nuruti. Manut crita, ati codhot mono apik kanggo bocah cilik, bisa mbantu perkembangan kecerdasan otak. “Bener ngono Mas, akeh kok wong sing pesen ati goreng!” BERBURU VAMPIRE KANGGO NGURIPI ANAK BOJO Mbak Sis wani masang spanduk merga ora kuwatir kentekan bahan baku. Senajan saben dina atusan codhot nyemplung wajan isi lenga panas, saben sore isih brol-brolan codhot mubal saka pandhelikane. Saben bengi wit-wit buah lan klapa-klapa deresan dikiteri codhot golek mangsan. Manut keterangane Suhadak (35) warga Desa Candirejo, Kecamatan Ponggok, Kabupaten Blitar codhot seneng banget nyesepi legen. Mula iwake rasane gurih semu legi, merga panganane buah-buahan lan nyesepi legen. Suhadak sing wis limang taunan saba bengi nyasaki kebon-kebon klapa deresan, utawa brobosan turut ngisor wit rambutan, dhuku, sawo, lsp. bunci bedhil angin lan senter, ora samar kentekan sasaran burone. Saben bengi bedhile paling sethithik ngasilake codhot 25, malah yen cuacane apik bisa entuk 50 luwih. Lha lumayan kan asile? Saben dina puluhan ewu kecekel tangan. Wis kena kanggo nguripi anak bojo. “Aku budhal ajeg jam wolu bengi, bali jam papat esuk. Dadi ya ora tau turu bengi.” Nyatane kanthi mangkono Suhadak, bojone, lan anake loro uripe klebu cukup lan tata. “Uripku iku mung merga saka codhot,” guyone Suhadak sing wis ora nyirik papan angker, ora wedi medi, lan ora duwe sungkan karo kewan gremetan liyane. Bareng weruh berburu codhot asile kena dipangan, kanca-kancane akeh sing tiru-tiru. Untunge kiwa-tengen desane meh kabeh klapa dideres. Dadi saben bengi mesthi akeh codhot sing klayaban. Bareng menclok kempu (wadhah tadhahan legen) lagi diincer lan ...dhes, pek-pek-pek, mati. Saliyane Mbak Sis, isih akeh tunggale sing siap menu codhot. Ana Pak Bud, tanggane Mbak Sis, Pak Tukimin utawa kondhange Pak Min Codhot warga Gayam, Mojoroto, Kediri, lan isih akeh maneh liyane. Malah Pak Min Codhot iki pelanggane dhokter-dhokter lan pasien sing ngamar ana RSK Baptis Kediri. Ing omahe, Pak Min siap menu codhot lan sambel pecel, sambel kecap, sambel tomat, sambel trasi, sambel brambang, lan sambel korek minangka jodhone codhot goreng. Sarana akehe pengusaha menu codhot, para pemburune ora bingung pasar. Tur saiki malah ora usah ngaya ngeterake menyang omahe Pak Bud, Pak Min, utawa Mbak Sis. Cukup ngenteni ana omah wae saben jam 05.00 wong-wong iku wis teka dhewe. Esuk njupuk terus diolah, awan sithik nganti sore ngenteni konsumen utawa kari ngeterake menyang omahe. Wong-wong iku carane ngresiki sing baku rong werna, ana sing dikropok lan ana sing dibeset. Rasa lan kasiyate padha wae, mung bedane manawa dikropok katut saendhase, yen dibeset endhase ora katut. Ya mung manawa dikropok, yen kurang resik brungut-brungute wulu isih katon. Ora apa-apa, kabeh gurih. Ature: Yud JB 40/LX, 4-10 Juni 2006
Artikel kasebut kalebet jinis eksposisi kanthi titikan caranipun damel codhot goreng, artikel kasebut ugi kalebet jinis deskripsi waktu.
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel eksposisi.




DESKRIPSI
AArtikel 1
Merapi Lagi Mbobot Sepuh
Lindhu ing DIY lan Jateng dhek Setu 27 Mei 2006, sadurunge wis diramal dening Gusti Pangeran Haryo Suryo Wicaksono (Mas Ninok), kanthi sebutan “bakal ana layon agung” (JB No 38, kaca 5). Ana apa sabenere? JB nlesih marang Mas Ninok, putrane Susuhunan Pakubuwana XII saka Kraton Sala. JB: Merapi ora sida njeblug, ujug-ujug masyarakat DIY lan Jateng kena lindhu sing dahsyat. Apa Nyai Rara Kidul lagi ngamuk? Mas Ninok: Kedadeyan iki lagi miwiti. Gunung Merapi durung bar, sasi Juni nganti tanggal 15 masa kritis. Miturut mitologi, Merapi kuwi pakubumining tanah Jawa, yen ana gejolak berarti wong Jawa perlu introspeksi. Merapi saiki lagi “mbobot sepuh”, artine lagi ngenteni klimaks bledhosane. Aku melu belasungkawa marang pendhudhuk sing kena musibah lindhu. Muga-muga pinaringan iman sing kuwat. Ngati-ati ing fase jaman Kalatidha, kaya sing ditulis ana Serat Kalatidha: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, lst. Gung liwang-liwung ing lelimengan, kraosipun namung kebak dosa tuwin tintrim ing asepi, mugi pinaringan pangapunten sedaya kalepatan kawula Jawi. JB: Apa kedadeyan iki kang panjenengan maksud layon agung kuwi? Mas Ninok: Layon agung ngono bisa ditegesi sedane wong agung, bisa uga ditinjau saka cacahe. Musibah iki penget supaya bangsa iki luwih nyedhak menyang Gusti Kang Murbeng Jagat, kudu bisa njupuk hikmahe, lan tansah nyuwun pangayoman-E. JB: Apa dosane bangsa kita? Mas Ninok: Dosane bangsa iki ora kompak. Golek benere dhewe-dhewe. Musibah-musibah iki supaya didadekake pelajaran yen kita kabeh kudu tansah eling marang Gusti, lan waspada ing satindak-tanduke. JB: Apa bakal ana musibah maneh? Mas Ninok: Dideleng saka mitologi Jawa, yen ana musibah tiba dina Setu bakal ana musibah sing bakal nyusul. Kita kabeh kudu ndedonga supaya ora nganti kedadeyan temenan. JB: Kanggo nangkal musibah, piye carane? Mas Ninok: Sing akeh ndedonga sebab bakal akeh musibah maneh. Yen kuwat dongane muga-muga kita ora sampek kena musibah kuwi. Sebab kedadeyan lindhu iki tiba dina Setu lan akeh sing tilar donya. Biasane kaya ana sing narik. Artine arep ana musibah maneh sing nyebabake kematian. Mulane kita kudu bali nyang kiblat. Sing Islam kudu ndedonga sing bener klawan cara Islam. Sing Kristen ya cara Kristen sing bener, sing Kejawen ya semono uga, lan liya-liyane. Ature: Endang Irowati JB 41/LX, 11-17 Juni 2006
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel deskripsi, nanging wonten waosan menika kirang migunaaken katranganipun ingkang njelasaken waosan deskripsi.

Artikel 2
Gamelan Jawa
Sak perangkat gamelan kuwi larase : Slendro lan Pelog.
- Sak pangkon mung sak jenis : Slendro apa Pelog thok.
- Sak wilah ya mung (satu biji bilah) : gender apa saron,
- Sak rancak kuwi mung sak jenis : bonang thok, apa saron barung thok, yen kanggone kenong apa bonang sak wilah pencon (merga mencu).
Kabeh gamelan ing Indonesia iki titi nadane mung lima mula diarani Pentatonik.
Yen Slendro urutane titilaras cara kepatihan:
- 1 (ji/siji)
- 2 ( ro/loro)
- 3 (lu/telu)
- 5 (ma/lima)
- 6 (nem/enem).
Yen laras Pelog urutane titilaras cara kepatihan :
- 1 ( bem, siji)
- 2 (ro / loro)
- 3 ( telu/lu)
- 4 (pat/papat)
- 5 (ma/lima)
- 6 (nem/enem)
- 7 (pi/pitu).
Kuwi mau istilah yen ana Jawa Tengah, Jawa Timur utawa Yogya, Bali, Sunda, lan Sari Swara (Ki Hajar Dewantoro) ana tetembungan liyane.
Daerah sing tak ngerteni sing ana sekolahane Kesenian mligine ngembangake gamelan : Bali, Jatim, Solo, Yogya, lan Bandung. Jinising Gamelan sing di thuthuk pelog lan slendro:
Gamelan sing olehe nabuh dithuthuk (dipukul) :
- Bonang Barung lan Penerus (4),
- Bonang penembung (2),
- Gender barung lan penerus (6),
- Gambang (3),
- Gambang gangsa(1)
- Slenthem (2),
- Kenong (12),
- Kenong japan (1),
- Kethuk (2),
- Kempyang (2),
- Gong gedhe (2),
- Kempul (12);
- Gong suwukan (7),
- Saron ( Demung ana (4),
- Saron barung ana (8),
- Saron peking/penerus (2),
- Kemanak (2),
- Engkuk kemong (2),
- Kecer (1).
Sing digesek :
- Rebab ( 2);
Sing disebul :
- Suling (2).
Yen sing di petik/di jawil :
- Siter (clempung/gedhe / penerus (2).
Sing digoyangake :
- simbal ( klinthing renteng).
Sing di kebuk :
- Kendhang ageng ( 1),
- Kendhang batangan/wayangan (1),
- Kendhang ketipung (1),
- Kendhang batangan ciblonan Uyon-uyon (1),
- Kendhang bedhug (1) .

Jinising pasugatan /pertunjukan Karawitan :
Uyon-uyon jangkep :
kuwi nganggo gamelan komplit laras slendro utawa pelog, apa dene loro-lorone.
Uyon-uyon Gadhon :
mung nganggo sebagian gangsa baku wae antarane : Kendhang, rebab, gender barung lan penerus, Gambang, Siter gedhe lan cilik, slenthem, kenong, saron peking, gong ageng, kempul lima lan enem, suling, waranggana lan gerong.
Uyon-uyon Cokekan : luwih prasaja maneh gamelane : gender, rebab, gender, siter, kendang batangan wae, gong kemodo ( gong wujud 2 wilah nganggo pencon) resonantore kelnthing/ utawa gong bumbung sing disebul.
Uyon-uyon Kawatan : Lha..nek kawatan iki isa gabungan antara siter karo gitar, melodi, selo, rebab. wis pokoke instrumen unen-unene sarwa kawat. Saiki wis langka dipentasake.
Gamelan /musik Jawa umume sing isa kanggo ngiringi :
- Pagelaran Kethoprak.
- Wayang, Sendratari utawa Iringan Tarian,
- Lodruk, Ing bali Sundha/ Jabar meh padha.

Hasil koreksian : kula mboten sarujuk, ingkang waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel deskripsi, nanging kalebet salah satunggaling jenis artikel eksposisi. Amarga waosan ing nginggil menika menjelaskan gamelan jawa sanes menggambarkan.



Artikel 3
Lemper Gedhene Sabandhosa
Lemper mujudake panganan “wajib” tumrap wong duwe gawe. Embuh mantu apa sunatan, lemper tansah disuguhake marang para tamu. Ing Jogjakarta, dhusun sing kondhang usaha lempere yakuwi Dhusun Jati, Wonokromo, Plered, Bantul. “Warga mriki wiwit usaha damel lemper kangge nyekapi pesenane tiyang gadhah damel wiwit taun 1980,” ngono pratelane Mbah Siti Zainab (65 taun) warga Jati nalika ditemoni JB ing omahe rikala gawe lemper raksasa kanggo upacara arak-arakan malem Rebo Pungkasan ing Wonokromo durung suwe iki. Mbah Siti, randhane pensiunan Kepala Cabang Pegadaian sing duwe anak lima lan putu lima iki ngaku asli kelairan Desa Bangunharjo, Bantul. Manut katrangane, Jati kondhang merga lempere sing duwe rasa khas. Panganan lemper iku wiwit mratah ana dhaerah Wonokromo nalika sugenge Eyang Kanjeng. Rikala semana lemper Wonokromo aran Lemper Kenthongan, jalaran gedhene sakenthongan. Manut owah gingsire jaman lemper kenthongan iku banjur digawe luwih gedhe maneh, digandhulake ana pinggir dalan tumuju tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Atraksi lemper raseksa iki diadani saben ana perayaan malem Rebo Pungkasan ing sasi Sapar. Lemper iku digawe kanggo nyedhiani pangane wong-wong sing mentas kungkum ana kali tempuran. Jaman semana akeh pageblug. Pendhudhuk sing nandhang lara esuk, sorene mati. Sing ngasta pusaraning pamarentahan wektu kuwi Sultan Agung, ratu ing Mataram. Merga kawulane akeh sing nandhang lara mula Sultan Agung dhawuh marang Kyai Welit amrih ngusadani. Saranane kertas mantra sing dicampur banyu diwadhahi bumbung. Merga jaman semana sing lara akeh, mula banyu ana bumbung sing wis dirapali iku disokake ing tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Supaya kalis saka pageblug wong-wong sing dadi kawulane Sultan Agung padha kungkum ing kono. Adat leluhur iku tekan saiki isih dipepetri. Wong sing lara akibat pageblug mangane ora sega, nanging lemper kenthongan sing jerone diisi abon daging sapi kanthi pangajab supaya awet wareg. “Riyin wonten pinggir tempuran lepen wonten sanggare Kyai Welit,” ngono kandhane Mbah Siti. Lemper Wonokromo suwe-suwe kondhang, banjur saya dimekarake ing dhusune. Manut Mbah Siti, saben beras ketan patang kilogram bisa dadi lemper cilik cacahe 100. Dene bungkuse godhong gedhang kluthuk, sebab nek didang metu lengane. “Saben lemper setunggal regine Rp 700,” ngono pratelane Mbah Siti karo nyambi mbungkusi lemper. Anggone gawe lemper iku direwangi ibu-ibu liyane. Olehe masak ana plataran omah, ora beda kaya wong duwe gawe. Tohari (42 taun), Ketua RT 04 Dhusun Jati marang JB kandha, sing aktif dhewe usaha gawe lemper kuwi warga RT 03 lan RT 04. Akeh sing nampa pesenan lemper. Yen pesen lemper ora kena dadakan, adoh sadurunge kudu pesen. Sebab perlu nyiapake bahan-bahane: beras ketan, klapa parutan, abon, godhong, lsp-ne. “Pakare lemper nggih tiyang Dhusun Jati mriki. Buktine, dipasrahi damel lemper agenge sabandhosa, nggih saged beres,” ngono kandhane Tohari karo nerangake saben sasi Besar mesthi akeh pesenan, jalaran akeh wong duwe gawe mantu. Ature: R. Dwi S. JB 37

Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel deskripsi, nanging wonten waosan menika kirang migunaaken katranganipun ingkang njelasaken waosan deskripsi.


Artikel 4
Bocah Bajang, Gegambaran Cacading Manungsa
Bocah bajang nggiring angin Anawu banyu segara Ingon-ingone kebo dhungkul Sasisih sapi gumarang Teks patang larik kang nggambarake bocah bajang kasebut, mujudake salah sijine jineman kanggo ngiringi metune Semar, utawa ngarepake jumedhule Panakawan Catur. Ana ing pakeliran, Bocah Bajang kuwi ora ana wayange. Sing ana wayang Sukasrana, Pulunggana, lan Kala Bendana. Senadyanta iku wujude bajang, katelune apaes buta, dudu bocah. Ananging yen wis ngripta wayang kasebut, banjur arep dienggo apa? Diwetokake nggon ngendi? Awit ora ana sejarahe lakon balungan ringgit purwa sing mligi nyritakake bocah bajang. Nadyan mangkono, tokoh iki kaya-kaya tansah ngayang-ayangi jagade pakeliran. Mula yen arep oncek-oncek werdine bocah bajang, prayogane nganggo pancadan wayang sing ana sambung rapete karo bocah bajang yaiku wayang Semar. Jalaran sauger Semar jumedhul, jineman Bocah Bajang dilagokake. Bab iki ora mung dhapur kebeneran, ananging mesthi ana werdine kang sumimpen. Kaya padataning para pujangga yen arep ngandharake sawijining bab, racak-racake dibeberake kanthi wantah. Ana ing buku, majalah, lan media liyane, wis akeh kang nyerat bab Semar. Tokoh siji iki mula nduweni pribadi sing mangro, pribadi sing kadunungan sipat loro. Dheweke iku Bathara Ismaya kang manitis ing ragane manungsa cebol, pakulitane ireng kang aran Ki Semarasanta. Yen mriksani blegering wayang, perangan sirah iku lanang., dene perangan awak mligine payudarane lan bokonge iku wadon. Menawa diarani wong tuwa marga rambute wis putih, iku uga ora trep, merga potongane kuncung kaya patraping bocah cilik. pasuryane uga mangkono, lambene mesem nggambarake kabungahan, ananging mripate ndrejes kaya wong kang nandhang duhkita. Awit saka bab kang kebak misteri, ora cetha saktenane, apa ya dewa, apa ya manungsa, lanang apa wadon, wong tuwa apa cah cilik, sedhih utawa seneng, mula tokoh iki dijenengne Semar, saka tembung samar, durung cetha. Dumadine tokoh Semar ing jagading pakeliran bisa uga mujudake pangangen-angene manungsa kang jero, anggone ngorong kepengin necep kekeraning Pangeran. Amarga Kang Maha Sampurna iku ora katon, tan bisa digrayang, mula banjur nglengkara bisa nggambarake kanthi wewentehan. Sing bisa digambarake cetha yaiku kekurangane keringkihane, kasekengane, cacad-cacade manungsa. Awit kanthi ngrumangsani ringkih bisa ngrasakake Kang Maha Kuwasa, kanthi ngrumangsani sekeng, bisa ngrasakake Kang Maha Welas, kanthi ngrumangsani cacad, bisa ngrasakake Kang Maha Sampurna. Iya awit anane rasa rumangsa sing sarwa ora sampurna mau, banjur nglairake reriptan, kaya dene Ki Semarasanta. Ing ringgit purwa reriptan kanggo nglenggahake kekeran Kasampurnan iku uga tinemu ing wayang Dewaruci wujude dewa bajang. Wayang Hyang Pada Wenang, diripta mung sakepel gedhene. Ana uga reriptan liya kang dumadi ing sanjabaning jagading pakeliran, nanging nunggal karep kanggo nglenggahake Kang Maha Sampurna. Wujude reca Budha kang tinemu ing candhi Borobudur. Nalika dipugar lan ditata maneh dening Van Erp taun 1907 tekan 1911, gunggunge reca Budha ana 505 iji. Kang nggumunake geneya reca Budha nomer 505 sing tinemu ing stupa induk kang mapan pucuk dhewe kuwi cacat, ora sampurna. Rikmane ora diukir, pasuryane cacat, astane dhuwur sisih lan dawa cendhak, rasukan kang nutupi ampeyane ora ditatah wiru, lapike ora padha kandele. Magepokan karo anane reca Budha kang cacad, Serat Centhini utawa Suluk Tambangraras nyritakake pangulandarane Mas Cebolang karo santri-santrine tumeka ing Candhi Borobudur. Nalika mriksani candhi kanthi tlesih, Mas Cebolang ngungun penggalihe, nyumurupi salah sijine reca kang cacat, piyambake banjur ngendika marang pandhereke mangkene: “Paran darunane iki, reca agung tur neng puncak, teka tan jangkep ing warni, yen pancen durung dadi, iku banget mokalipun, baya pancen jinarag, embuh karepe kang kardi, mara padha udakaranen ing driya.” Mas Cebolang nelakake yen reca mau jinarag digawe cacat. Dene ancase durung cetha, perlu digolaki ditlesih lan dilimbang-limbang kanthi permati ing sajroning ati. Miturut Kitab Jawa Kuno Sang Hyang Kamahayanikan kang isine ngenani agama Budha Mahayana, Stutterheim ngandharake mangkene: ing antarane wujud reca Budha sing wis diwakili 504 iji, isih ana reca sing mujudake pangejawantahe Hyang Maha Wikan, tataran paling dhuwur, sing ora katon, kang diarani Batara Budha, yaiku reca nomer 505. Dadi cetha, anane reca kang sarwa ora sampurna iku mula disengaja, kanggo nglenggahake Kang Maha Sampurna, yaiku Batara Budha. Dudutane rembug, apa sing diwujudake para pujangga kanthi wewentehan ing antarane Semar lan Bathara Budha iku kanggo nggambarake kahanane manungsa kang sarwa ora sampurna. Nanging yen dikedhuk jero, ing suwalike wujud kang kebak cacad iku lenggah Rohing Kasampurnan. Antarane kang ora sampurna karo kang sampurna lelorone urip bareng ing jagad siji, jagading manungsa. Kaya sifat pribadhine Semar kang werna loro, ya dewa ya titah, ya tuwa ya bocah, ya lanang ya wadon, ya bungah ya susah. Kanggo nandhesake bab iku, jumedhule Semar ing jagading pakeliran dibarengi jineman Bocah Bajang kang duwe ingon-ingon loro, yaiku kebo dhungkul kang nggambarake kethule rasa-pangrasa marang bab kasampurnan lan sisihe sapi gumarang kang nggambarake kalantipan ngrasakake lungiding kasampurnan. Bodhone kebo dhungkul pratandha kasekenganing manungsa, pintere sapi gumarang pratandha lantipe manungsa bisa nglenggahake Kang Maha Sampurna ing sajroning uripe. Mula banjur mbutuhake pambudidaya tanpa kendhat kanggo nglenggahake sumbere Kasampurnan ana ing uripe manungsa kang sarwa ora sampurna. Kayadene bocah bajang sing sarwa ora sampurna lagi nggiring angin, ngiring kasampurnan lan nawu segara, nyidhuk sumbering kasampurnan kang datan bisa asat. Pancen yen dirasakake sacleraman nggiring angin lan nawu segara iku mujudake pakaryan sing muspra ora guna ora ana rampunge. Ananging yen kersa ngenepake, nggiring angin lan nawu segara iku mralambangake manungsa sing terus-terusan, tanpa pedhot kanggo nglenggahake Sumbering Kasampurnan. Nanging nadyanta nggiring angin lan anawu banyu segara iku pakaryan mokal bisa rampunge, ananging yen ora gelem niru patrape bocah bajang, bakal bisa ngrasakake sumiliring angin kasampurnan lan telese banyu kalanggengan.
Hasil koreksian : Kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel deskripsi.

Artikel 5
Upacara Wiwit
Wiwit mujudake tatacara Jawa sing diadani saben panen pari. Tatacara Wiwit wis arang keprungu, nanging dening warga Dhusun Nitiprayan, Kasihan, Bantul, isih diuri-uri. Salah sijining tokoh masyarakat sing biyasa nyepuhi upacara Wiwit (methik pari) asmane Mbah Sedyaprada (65 taun). Duwe anak enem, kabeh wis mentas, ana sing dadi guru, ana sing nyambutgawe swasta. Senajan mung buruh bisa nyekolahake anak lan putune. Saben ing Dhusun Nitiprayan wiwit ana panen, piyambake sing dipitaya warga amrih mimpin acara Wiwit. Ing ngisor iki katur wawancarane JB karo Mbah Sedyaprada bab upacara Wiwit. Kadospundi Mbah larah-larahipun wonten upacara Wiwit? Upacara Wiwit, nek neng Jawa Timur karan upacara methik pari. Kapan dianakake sing sepisanan, aku ora ngerti, jalaran aku mung nerusake tilarane leluhur. Panenan pari bisa becik lan orane gumantung marang Gusti Sing Akarya Jagad. Upacara Wiwit iku desa siji lan sijine pancen beda. Ana sing ngarani upacara Labuh. Lan ana sing mastani Nglenggani utawa Wiwit. Neng Jawa Timur karan Methik! Wiwit iku kanggone kadang tani klebu mangsa sing banget nyenengake. Mula perlu nindakake acara iku. Acara Wiwit iku kaperang dadi loro. Sing sepisan ing papan bulak pari dipanen, ditengeri kanthi methik pari manten. Saperangan banjur mboyong pari manten menyang omahe sing duwe pari, tumuli mapanake ing lumbung. Acara sing iki sinebut mboyong pari manten. Panen sepindhahan punapa wonten gandhengipun kaliyan dinten pasaran? Wong Jawa pancen percaya banget karo petungan dina pasaran. Methik pari kudu milih dina sing becik manut keyakinane sing duwe pari, bisa Senen Paing utawa dina becik liyane. Bojone sing duwe pari, anake, perane gedhe banget. Jalaran dheweke sing nyiapake ubarampene. Ning nek ana alangan bisa dipasrahake wong liya sing bisa gawe sajen. Sajene awujud jadah woran, lintingan bekatul (katul), sega sambel gepeng dhele sing wis digoreng, kembang boreh, wedhak, abon-abon, kinang, juruh, pulo gimbal pulo gringsing, godhong pulutan (Urena labato), endhog, rakan (arupa uwi-uwian). Senthe (Colacasiaesculenta), pisang sepet kukus, jewawut (Panicumviride), tebon, jejali. Jejali, jewawut, lan tebon digerus alus. Rakan didokok ana ing panjang ilang –kranjang sing digawe saka janur– sabanjure tumpeng alus, tumpeng among-among, sega gurih, sega liwet, sega golong gilig, kupat luwar cacahe loro, kupat lepet loro, kupat bucu lima, menyan, klasa, kain (jarit) anyar, parem, jungkat, pengilon, ani-ani, kinang, sayur menir, godhong kelor. Barang-barang mau banjur digawa menyang pinggir sawah sing arep dipanen. Dina sing becik wis katemtokake. Yen tiba dina Senen Paing, Senen neptune papat lan Paing sanga, gunggunge 13. Merga parine manten sajodho, gunggunge pari sing dipethik ana 26 gagang pari. Sawise ndonga sinambi mbakar menyan tumuli ngani-ani njupuk 26 gagang pari diiket dadi siji. Ya iki sing jenenge pari manten Sri-Sadana. Sawise iku sajen-sajen sing ana panjang ilang padha didum mligine marang bocah sing melu Wiwit. Sawise iku pari manten diboyong nuju omahe sing duwe sawah kaya boyongan manten. Dene sajene diseleh ana lumbung awujud klasa sing dhuwure diwenehi jarit anyar lan piranti dandan wanita kaya ta wedhak adhem, parem, jungkat, pengilon, kinang, kembang boreh. Kajaba iku uga ana jangan menir, godhong kelor, ani-ani, bekatul, lan menyan. Sawise sajen cumepak jangkep, pari manten saka sawah banjur dilebokake ana jero lumbung. Sabanjure kabeh pari sing mentas dipanen uga dilebokake ana jero lumbung kono dadi siji karo pari manten. Mbah, werdine sajen-sajen niku napa? Sajen kayadene jajan pasar, rakan, utawa uwi-uwian mengku pralambang dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggung sasine). Dadi anggone nganakake Wiwit petungane sawise srengenge lingsir, watara jam 12 munggah. Lha wong Jawa etungane panen ana papat: Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Nek tiba Suku entuke mung gagang, tegese parine ora ana entuke, mung sikil. Nek tiba Watu parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh nanging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek dimangsa buta. Pari manten klebu pari sing suci mula wektu digawa tumuju omah kaya methuk manten boyongan. Lan kanggo nindakake Wiwit pantangane ora kena njupuk dina Jemuah, iku dinane Wali, lan ing dina iku Dewi Sri dewine pari nembe sare. Nek nganti wungu lan duka sing tuna kadang tani dhewe. Ature: R. Dwi S. JB 35/LX, 30 April-6 Mei 2006
Hasil koreksian : kula sarujuk, bilih waosan ing nginggil menika salah satunggaling jenis artikel deskripsi

Leave a respond

Posting Komentar