Kidung Rumekso Ing Wengi ( Kidung Karya Sunan Kalijaga)


Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh kaya luputo ing loro
Luputo bilahi kabeh
Jim setan clatan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gununing wong luput
Geni atemahan tirto
Maling adoh tan ono njarah ing mami
Guno duduk pan sirno
Sakahing lara pan sumyo bali
Sakeh ngamupan sami mitudo
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wiso towo
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing lundhak guwaning
Wong lemah miring
Myang puhiponing merak
Pagupaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan suriro ayu
Ingideran kang widodari
Rinekso malaekat
Lan sugung pra rosul
Pinayungan ing hyang sukmo
Ati adem utekku baginda
Pangucapanku ya musa

Napasku nabi ngisa linuwih
Nabi yakub paniyarsuning wang
Dawud suworoku mangke
Nabi Ibrahim nyawaku
Nabi sulaiman (sleman) kasekten mami
Nabi yusup rupeng weng
Edris (idris) ing rambutku
Baghindo ngali (ali) kuliting wong
Abubakar getih daging Ngumar (Umar) singgih
Balung baghindo Ngusman (Usman)
Sungsumingsum patimah linuwih
Siti Aminah bayuning angga
Ayub ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantungku
Nabi Yunus ing otot mami
Netroku ya Muhammad
Pamulaku Rosul
Pinayungan Adam Kawa (hawa)
Sampun pepak sukatahe para nabi

Leave a respond

Posting Komentar