gatholoyo

Aku iki wong Jawa kang ora ilang Jawane, Aranku gatholoyo titisane ki Noyogenggong, aku ngetutake kakangku Sabdo Palon Jati Dhiri tanah Jawa. Dhek semana aku melu muksa kakangku Sabdopalon sing wis ora digugu karo momonganku biyen yaiku Ratu Tanah Jawa 'Prabu Brawijaya' kang wis kepilut ngrasuk agama rosul. Momonganku nggugu karepe dhewe wus karsa ngagem ageman agama sarengat, mula ilang keblate banjur ganti keblat negara manca, ya awit saka iku ilang kekuwatane nora bisa angraga-sukma maneh, yaiku ilmu kang kawasa "muksa" nguntal raga kaya aku lan kakangku kang wus nora kena pati awit wus sumurup sangkan paranging dumadi, waskita marang tapake kuntul anglayang, lan waspada marang galihing kangkung, bisa anjara langit, kuwasa andhepani dhasaring samodra laya, datan rinengkuh ing tebaning sasana utawa jangkaning kala. Kabeh isining bawana iki bisa dak remet dadi endhog pengamun-amun dak untal nyawiji tunggal sak sarira. Aku karo kakangku wektu semana wus nuturi wola-wali prabu Brawijaya nanging ora didahar aturku awit kepilut ature garwane putri saka Atasangin kang patutan kakung, sesilih pangeran Jimbun raja aepisanan ing Kraton Bintara Demak. Tumeka jaman samengko aku tinanggenah dening bathara luhung kang akarya jagad bebarengan kakangku Sabdapalon njaga tanah Jawa iki nganti tumekaning jaman ratu adil yaiku wedharing 'Agama Bener" kang sinebut "Agama Ngelmi" kang sinebut uga "Agama Ilmu" kang bakal diakoni kabeh uwong saindhenging jagad, awit iya agama iku kang nora bakal nalisir saka bebener lan nora bisa dibantah sapa wae awit iku dalaning kasampurnan urip langgeng nora kena ing pati.

"..........Yen ono manungso JOWO, moto siji, nami
sepuh, yo iku MOMONGAN KULO..... SABDOPALON............."

Leave a respond

Posting Komentar